Raka'at
Rakaat iku sawijining unit langkah jroning ibadah shalat (sembahyang) sacara Islam. Saben shalat padinan dumadi saka sawetara rakaat sing cacahé béda-béda:
- Fajar — Shalat subuh: 2 rakaat
- Dhuhur — Shalat tengah hari: 4 rakaat
- Asar — Shalat petang: 4 rakaat
- Maghrib — Shalat matahari terbenam: 3 rakaat
- Isyak — Shalat malam: 4 rakaat
Shalat Jumaat dumadi saka 2 rakaat lan diayahi ing masjid utawa langgar (sakurang-kurangé kudu ana 40 wong) ing wektu shalat Dhuhur ing dina Jemuwah.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Isi jroning rakaat
- Takbir
- Donga-donga 1
- Wacan Surat Al-Fatihah
- Wacan surat sakwisé maca Surat Al-Fatihah
- Rukuk
- Ngadeg saka rukuk
- Sujud
- Lungguh antara loro sujud
- Sujud kapindho
- Tashahuud 2
- Tasleem (mènèhi salam) 3
1 Mung diayahi ing rakaat pisanan lan pungkasan shalat.
2 Mung diayahi ing rakaat kapindho lan pungkasan shalat.
3 Mung diayahi ing rakaat pungkasan shalat.
[sunting] Takbir
Kanthi nyebut "Allahu Akbar" (Allah Maha Besar), angkat kaloro tangan ing sisih sirah lan sabanjuré tangan ndhekep dhadha. Tangan kiwa ing pernahing ati (tumrap wanita ing sadhuwuring dhadha)lan tangan tengen numpang ing tangan kiwa.
[sunting] Donga-donga
Klebu Al-Fatihah lan wacan iyané.
[sunting] Wacan Surat
Wacan Surat Al-Fatihah kudu diwaca ing saben wiwitan rakaat waktu ngadeg, yaiku sakwisé takbir lan ndèlèh tangan ing dhadha. Sawisé iku disunataké maca siji surat liya ing rakaat pisanan lan kaloro.
[sunting] Rukuk
Rukuk iku arupa tumindak mbungkuk sinambi maca "Subhana rabbiyal azhimi wa bihamdih (Maha Suci Tuhan sing Agung lan kabèh Pujian tumuju Panjenengané)" 3x
[sunting] Ngadeg saka rukuk
Wektu ngadeg saka rukuk, tangan diangkat ing sisih kuping kanthi maca:
"Sami‘a-llaahu liman hamidah." Muga-muga Gusti Allah mirengaké wong sing memuji Panjenengané. Mudhunaké tangan swisé maca wacan kuwi sinambi maca:
"Rabbanaa wa laka-l-hamd." Duh Gusti, kabèh puji tumuju Panjenengan waé.
[sunting] Sujud
Awak diudhunaké kanthi kaloro tapak tangan sumèlèh ing pasujudan kanthi maca: "Subhana rabbiyal a'la wa bihamdih (Maha Suci Gusti sing Dhuwur lan kabèh Pujian marang Panjenengané)" 3x. Nalika sujud pérangan sikut ora kena nèmpèl jogan mung kaloro tapak tangan lan irung waé sing ditèmpèlaké ing papan pasujudan. Tumraping wanita, kaloro tangan kudu rapet karo sirah.
[sunting] Lungguh antaraning rong sujud
[sunting] Sujud kapindho
Nglakoni sujud kapindho kanthi maca: "Subhana rabbiyal a'la wa bihamdih (Maha Suci Gusti sing Dhuwur lan kabèh Pujian marang Panjenengané)" 3x. Kanthi rampungé sujud kapindho iki ateges rampungé siji rakaat. Tumindak ing dhuwur dibalèni wiwit saka ngadeg lan maca surat Al Faatihah lan sabanjuré miturut gunggung rakaat tinamtu.
[sunting] Gambaran rakaat
Gambaran rangkéyan tumindak ing Shalat Subuh ing ngisor iki kanggo nggampangaké pangertèn ngenani istilah rakaat:
Rakaat Pisanan (nomer ganjil):
-
Shalatsubuh1.jpg
-
Shalatsubuh2.jpg
-
Shalatsubuh3.jpg
-
Shalatsubuh4.jpg
Rakaat kapindho/pungkasan (nomer genep):
-
Shalatsubuh5.jpg
-
Shalatsubuh6.jpg
-
Shalatsubuh7.jpg
-
Shalatsubuh8.jpg
-
Shalatsubuh9.jpg
Salam