Raden Werkudara

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Merge-arrow.svg Ana usul supaya artikel utawa pérangan iki digabungaké menyang artikel Bima (tokoh Mahabharata).   (Rembug)
Raden Werkudara

Raden Werkudara iku salah sijining paraga sing kalebu wangsa Pandhawa.[1] Tembung Pandhawa iku ateges turunane Pandhu Dewanata narendra ing Negara Astina.[1] Pandhu Dewanata iku sejatine putra saka Begawan Abiyasa kang dhaup karo Dewi Ambalika.[2] Gegayutan karo kelairane Pandawa kababar ana kitab Mahabarata sing sepisan yaiku Adiparwa.[3]

Carita Adiparwa[sunting | sunting sumber]

Ing sawijining dina, Begawan Abiyasa kasil menangke sayembara yaiku adu manah lan kanggo bebungah, dheweke entuk telu putri raja Kasi kang asma Amba, Ambika lan Ambalika.[3] Nalika Dewi Amba nyoba ngrayu Sang Begawan, ora dinyana dheweke keno panah Begawan Abiyasa banjur seda.[3] Saka Dewi Ambika, Sang Begawan kanugrahan putra kang asma Drestharasta.[3] Ananging, putrane mau nyandhang cacat wuta.[3] Dene saka Dewi Ambalika, dheweke kanugrahan putra sing nomer loro asmane Pandhu Dewanata kang nyandhang cacat tengeng.[3] Nalika isih timur, Drestharasta dhaup karo Dewi gendari lan lair anak cacah satus yaiku Korawa.[3] Tembung Korawa ateges keturunan saka Kuru.[3] Sabanjure rayine yaiku Pandhu Dewanata dhaup kro putri loro kang asma Dewi Kunthi lan Madrim.[3] Ananging amarga kutukan saka Begawan Kimindama, Pandhu ora bisa duwe anak.[4] Garwa kang nomer siji, duwe mantra kanggo ngundang dewa – dewa supaya kanugrahan anak lanang.[3] Aji iku disebut Aji Adityaredhaya.[4] Saengga Dewi Kunthi bisa nglairke telu bayi lanang yaiku Yudhistira saka Bathara Dharma, Werkudara saka Bathara Bayu lan Arjuna saka Bathara Indra.[3] Dewi madrim uga ora kalah, dheweke kanugrahan putra kembar yaiku Nakula lan Sadewa saka Bathara Aswan lan Aswin.[3] Anak lima mau kang sinebut Pandhawa Lima. Mangkono sejarah kelairan saka Pandhawa.[3]

Sapa iku Werkudara[sunting | sunting sumber]

Raden Werkudara utawa Bratasena utawa Bimasena

Tulisan iki, ora bakal ngrembug kabeh babagan Pandhawa, mung bakal ngrembug paraga Werkudara utawa Bratasena.[1] Werkudara iku dumunung ing ksatriyan Jodhipati.[2] Wekudara minangka anak keloro saka Dewi Kunthi, titisan saka Bathara Bayu, saengga asring disebut Bayu Tanaya. [5] Awit putra nomer loro, mula Werkudara uga sinebut putra panenggaking Pandhawa.[5] Isih ana sebutan liyane kayata Bratasena, Bimasena, Haryasena, Bayusiwi, Jagal Abilawa, Kusumadilaga, lan Jayalaga.[5] Kacarita laire Bratasena awujud bungkus. Kabeh gegaman ora tumama.[5] Mung Gajah Sena kang bisa mbedah bungkuse.[5] Sawise dibedhah bayi mau diidak – idak, ditaleni, digadhing ananging malah saya gedhe.[5] Gajah Sena ditamani kuku Pancanaka, mati sanalika.[5]Suksmane nyawiji karo Bratasena.[5] Miturut versi Ngayogjakarta, Raden Werkudara duwe garwa telu yaiku Dewi Nagagini, Dewi Arimbi lan Dewi Urang Ayu.[6] Ananging miturut versi Surakarta, Raden Werkudara mung duwe garwa loro yaiku Dewi Nagagini lan Dewi Arimbi.[6] Karo Dewi Nagagini peputra Raden Antareja kang duwe sungut.[6] Karo Dewi Arimbi peputra Raden Gathotkaca kang duwe siung.[6] Dene karo Dewi Urang Ayu peputra Raden Antasena kang awake duwe sisik kaya ula.[6] Raden Werkudara duwe pusaka aran Kuku pancanaka sing landhepe kaya lading pinyukur, Gada Rujakpala, Gada Lambita muka, Alugara arupa Tumbak cendhak, Bargawa arupa kampak gedhe, Bargawasastra arupa Panah lan Gendewa.[2] Dheweke uga duwe Aji – ajine Bandung bandawasa, Ungkal bener, Blabag Pangatol – antol, Bayu Bajra.[5] Kanthi kaluwihane mau, Raden Werkudara bisa mbongkar gunung lan malyu cepet kaya angin.[6] Werkudara iku omongane ladak, ora bisa basa marang sapa wae.[5] Omongane tansah nganggo basa ngoko.[5] mung Sanghyang Wenang lan Dewa Ruci sing dibasani.[5] Watak liyane yaiku setya tuhu marang guru, bekti marang wong tuwa, teguh ing janji, blaka suta, bela bebener, mbrasta angkara, dhemen tetulung, rasa tresna marang kadang lan adil.[5] Busanane Werkudara yaiku Gelung Pudhaksategal kang nggambarake keluhuran budi. [2] Pupuk jarot Asem kang nggambarake lembuting ati, sabar lan sareh.[2] Sumping Surengpati, nggambarake gedhe semangate.[2] Kelat Bahu Candrakirana, nggambarake pikirane kuat lan atine padhang.[2] Sabuk Nagabanda, nggambarake bisa ngendhaleni hawa nepsu.[2] Kampuh Poleng Bintuluaji, nggambarake wibawa lan kekuatan. Kang pungkasan Clana Cindhe Udagara, nggambarake kendel lan bisa mawas diri, tepa slira.[2] Ing carita pewayangan Jawatimuran, Raden Werkudara utawa Bhima Sena duwe kalungguhan dadi Jeksa ing Lumajang Tengah.[1] Saking pinter lan prigele ulah perang sarta dhemen tetulung marang sapadha – padha, Maharsi Wiyasa paring dhawuh marang Prabu Puntadewa, supaya Bhima Sena kadhawuhan ngayahi kuwajiban sarta mranata ing babagan Keadilan lan Kejujuran.[1] Sawetara para dhalang jawatimuran liyane ngandharake yen Lumajang Tengah iku mujudake papan ksatriyan Raden Bhima Sena.[1] Mula ana sing ngarani yen Bhima Sena iku satriya ing Lumajang Tengah, iya Jeksa Lumajang Tengah.[1] Werkudara tiwas angka papat amarga nalika uripe seneng mangan, rasa kasar lan ora bisa basa.[5] Banjur sumusul Sadewa, Nakula lan Arjuna.[5]

Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f g [R.A, Djumiran. 2010. Raden Bhima Sena Jeksa Lumajang Tengah. Surabaya: PT Percetakan Penyebar Semangat]
  2. ^ a b c d e f g h i [Setyo G Nugraha, Abi M Tofani. 2006. Buku Pinter Basa Jawa. Penerbit: Kartika]
  3. ^ a b c d e f g h i j k l m [Zoutmulder. 1983. Kalangwan Sastra jawa Kuna Selayang Pandang. Jakarta: Djambatan]
  4. ^ a b bharatayudha.com
  5. ^ a b c d e f g h i j k l m n o [Subardi. 2000. Mutiara Rinonce Budi pekerti ing Pewayangan. Jakarta]
  6. ^ a b c d e f [Marsono, Hendrosaputro, Waridi. 1999. Ensiklopedi Bahasa Jawa. Yogyakarta: Lembaga Studi Jawa]
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Raden_Werkudara&oldid=868147"