Rachel Amanda

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Rachel Amanda Aurora
Lair Rachel Amanda Aurora
1 Januari 1995 (umur 17)
Flag of Indonésia Jakarta, Indonesia
Jeneng liya Rachel Amanda
Pagawéyan Aktris
Penyanyi
Model
Taun aktif 2008 - sekarang
Wong tuwa Ade Paul Lukas (ayah)
Safira (ibu)

Rachel Amanda Aurora utawa kang biyasa diundang kanthi jeneng Amanda[1] iku salah sijiné bintang akting lan penyanyi Indonésia. [2]Amanda lair ing Jakarta, tanggal 1 Januari 1996.[2] Amanda wiwit misuwur nalika akting dadi karakter Candy ing sinetron CANDY kang disiyaraké ing RCTI.[2] Saka sinetron iki, ndadekaké Rachel Amanda éntuk akéh tawaran main sinetron kayata sinetron LIA, CINTA FITRI 3, TERSANJUNG 6, NIRMALA, PAPAKU KEREN-KEREN, PINTU HIDAYAH, SOLEHA, SARAS DAN KARUNIA, lan INDERA KEENAM.[2] Rachel Amanda tau akting dadi copet ing sinetron NAMAKU MENTARI. [2]Rachel Amanda uga tau éntuk penghargaan Penyanyi Anak Terbaik, Anugerah Musik Indonesia 2005 lan Nominasi MTV Indonesia Movie Award kanggo Kategori Breaktrough Actress.[2] Saliyané iku, Amanda uga tau dadi bintang film HEART nalika taun 2005 lan I LOVE YOU, OM nalika taun 2006.[2] Bareng karo Restu Sinaga, Ira Wibowo lan Karenina, Rachel akting dadi tokoh Dian, bocah wadon cilik kang seneng wong lanang kang umuré luwih tuwa tinimbang dheweké.[2] Sasi Juni 2009, nalika arep sasi Ramadhan, Rachel diajak penyanyi Opick kanggo dhuet ing lagu kang judhulé Maha Melihat.[2] Taun 2009, Rachel akting ing layar lebar yaiku ing film KATA MAAF TERAKHIR.[2] Rachel uga tau main ing sinetron Kejora lan Bintang.[2]

[sunting] Cathetan suku

  1. (id)infoselebindo.com(dipunundhuh tanggal 28 Agustus 2011)
  2. a b c d e f g h i j k (id)selebriti.kapanlagi.com(dipunundhuh tanggal 28 Agustus 2011)

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Rachel_Amanda&oldid=661014"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès