Région jaban rangkah Prancis
|
Artikel iki bagéan saka seri bab:
Pamérangan Administratif Prancis |
|
(klebu: Region jaban rangkah) |
|
(klebu: Departemen jaban rangkah) |
|
Komunitas kutha |
|
Liyané ing Prancis Jaban rangkah
"Kolèktifitas jaban rangkah" |
Region jaban rangkah basa Inggris:Overseas region, basa Prancis:Région d'outre-mer, kuwi sawijining jeneng kanggo ngarani departemen jaban rangkah kang nduwèni kakuwasan padha karo region ing metropolitan Prancis. Departemen iki nduwé kakuwasan kaya mangono mau wiwit taun 1982, nalika ditetepaké kawicaksanan disentralisasi ing Prancis saéngga Departemen ing jaban rangkah iki diwènèhi hak milih Dewan Regional lan hak regional liyané. Lagi ing owah-owahan konstitusi taun 2003 region-region iki diarani region-region jaban rangkah.
kang nduwé status region jaban rangkah yakuwi:
- Guadeloupe ing Karibia
- Martinique ing Karibia
- Guyana Prancis ing Amérika Kidul
- Reunion ing Samudra Hindia
Kakuwasan [sunting]
Minangka bagéan integral saka Republik Prancis, departemen jaban rangkah iki diwakili jroning majelis Nasional, Senat lan Dewan Economi lan Sosial, milih siji anggota Parlemen Eropah (MEP), lan uga migunakaké dhuwit euro minangka mata uang resmi.