Qu Yuan
Qu Yuan (屈原) yaiku penyair lan pejabat pemerintahan saka Negara Chu ing Periode Negara Perang.[1][2] Dilahirkan ing taun 340 SM, Qu Yuan lair saka salah sawijining kulawarga kang berpengaruh ing negara Chu.[2] Dheweke yaiku penasehat Kaisar Huai kang dadi panguwasa saka 328 SM nganti 299 SM.[2]
Qu Yuan duweni karier politik kang apik nganti kabeh mentri Kaisar Huai nudhuh dheweke, saengga dheweke digethingi ing arena politik Negara Chu.[1] Nalika Qu Yuan ora ana, negara Chu bisa dikalahake dening Negara Qin.[1] Amarga ngerti yen negara Chu kalah, Qu Yuan mlumpat ing Kali Miluo ing provinsi Hunan.[1] Festival Perahu Naga yaiku festival kanggo mengeti tinggal donyane.[1] Dene tradisi mangan Bakcang(Hanzi: 肉粽, hanyu pinyin: rouzong) yaiku tradisi kang kawiwitan saka rakyat kang simpati tumrap kepatèné Qu Yuan.[1] Para rakyat mau mbuwang sega ing kali kanggo nyegah makluk ing banyu mau mangan mayite Qu Yuan.[1]