Putri malu

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Mimosa pudica
(Mimosa pudica)Putri malu
Klasifikasi èlmiah
krajan: Plantae
divisio: Magnoliophyta
kelas: Magnoliopsida
ordo: Fabales
kulawarga: Fabaceae
Subkulawarga: Mimosoideae
Genus: Mimosa
Species: M. pudica
Jeneng binomial
Mimosa pudica
L.

Putri malu (Mimosa pudica) yaiku tanduran perdhu cendhèk anggota suku polong-polongan sing gampang dimangertèni amarga godhongé sing bisa mingkup dhéwé utawa alum kanthi cepet nalika didemèk.[1] Sanadyan sawatara anggota polong-polongan bisa mingkup kaya mangkono, réaksi putri malu luwih cepet tinimbang jinis tanduran liyané.[1] Jeneng liya saka putri malu yaiku si kejut, rebah bangun (Minangkabau), akan kaget, riyud, daun kaget (Manado). [2] Déné ing negara liya kayata putri malu diarani Han xiu cao (China), shame palant, puahilahila (Inggris), lan makahiya (Filipina).[3]

Ciri-Ciri[sunting | sunting sumber]

Godhong putri malu sing saya mingkup
Woh saka tanduran putri malu (Mimosa pudica)

Ciri khusus saka putri malu yaiku nutupé godhong kanggo ngayomi dhiri saka kéwan sing panganané tetanduran (herbivora) sing pengin mangan putri malu.[4] Werna godhong bagéyan ngisor tanduran putrin malu luwih pucet, saéngga kéwan sing pengin mangan ngira yèn tanduran kuwi wis alum amarga wernané sing pucet.[4]

Putri Malu asring ditemokaké ing sawah, kebon, lan sesuketan.[5] Tanduran iki kalebu tanduran herba mènek utawa mlumah ing kadhuwuran 0,3 - 1,5 m. Tanduran liar putri malu urip ing papan tarbuka.[5] Putri malu sing asalé saka Amérika tropis iki ditemokaké sepisanan ing papan sing dhuwuré 1200 m saka permukaan segara.[5]

Morfologi[sunting | sunting sumber]

Godhong[sunting | sunting sumber]

Godhong putri malu arupa godhong majemuk menyirip ganda dua sing sampurna.[6] Gunggungé anak godhong saben sirip yaiku 5-26 pasang.[6] Anak godhong bentuké ndawa kaya lanset, pucuké lancip, bongkoté bunder, pinggiré rata, permukaan dhuwur lan ngisor lunyu, dawané 6-16 mm, ambané 1-3 mm, wernane ijo, padatan pinggir godhong awerna ungu.[6] Yèn kedemèk langsung nglengkuk, siripé nglumpuk kanthi dawa 4-5,5 cm.[6]

Gagang[sunting | sunting sumber]

Wangun gagangé bunder, ana rambute, lan eri sing padha nèmpèl.[6] Gagangé kanthi rambut sikat arahé miring mangisor.[6]

Oyod[sunting | sunting sumber]

Oyod putri malu arupa oyod pena sing kuat tumancep ing lemah.[6]

Kembang[sunting | sunting sumber]

Bentuk kembang putri malu bunder kaya bal, ana gagangé, awerna ungu utawa abang[6]. Kelopaké cilik banget kaya selaput putih. Tabung mahkota cilik, ana tajuné 4.[6]

Woh[sunting | sunting sumber]

Bentuk wohé kaya polong, gèpèng, kaya garis.[6]

Wiji[sunting | sunting sumber]

Wijiné bunder lan gèpèng.[6]

Obahé Tanduran[sunting | sunting sumber]

Ciri-ciri sing khas saka putri malu yaiku nalika godhongé didemèk bakal mingkup kanthi cepet. Obahé godhong putri malu iki diarani obah tigmonasti.[7] Tigmonasti yaiku obah nasti sing disebabaké dening rangsangan mékanis arupa sénggolan utawa dipenèt.[7] Tembung tigmonasti iki asalé saka basa Yunani, yaiku thigma sing tegesé sénggolan.[7] Obah tigmonasti iki uga diarani sèismonasti.[7] Mingkupé godhong putri malu iki amarga kena sénggolan. Rèspon mingkup (kaya alum) bakal kadadèn cepet banget watara 1-2 detik.[7] Kanggo mbalik manèh, putri malu merlokaké wektu watara 10 menit.[7] Mékanisme obah iki uga amarga prabawa éwahé tekanan turgor ing jero sèl yaiku ing bagéyan persendian godhong.[7]

Kandhutan Godhong Putri Malu[sunting | sunting sumber]

Kandhutan sing ana ing godhong putri malu yaiku Mimosine.[8] Sifat kimiawi lan èfèk farmakologis yaiku manis, astringen, rada atis, nenangaké (tranquiliser), sedative, peluruh dahak (expectorant), anti watuk (antitusive), ngudhunaké panas (antipiretic), anti radang (anti-inflammatory), sarta ngluruhaké banyu uyuh (diuretic).[8]

Khasiat[sunting | sunting sumber]

Akèh banget khasiat saka godhong Putri malu, yaiku kanggo nambani sawatara lelara, kayata:

Carané yaiku godhong putri malu watara 30-60 gram digodhog banjur banyu godhogané diombé.[8] Bisa uga kanthi cara nyampuraké 15 gram godhong putri malu karo 15 gram godhong sawi langit (vemonia cinerea) lan 30 gram godhong calincing banjur digodhog.[8] Banyu godhogané diombé.[8]

Carané yaiku oyod putri malu 60 gram dicampur karo 600 cc banyu, banjur digodhog nganggo geni cilik.[8] Saéngga dadi 200 cc banjur dibagi kanggo diombé ping pindho.[8]

Oyod tanduran putri malu watara 10-15 gram digodhog banjur diombé banyuné.[8]

15 gram oyod putri malu dikum ing arak putih 500 cc nganti 2 minggu.[8] Banjur ditèmplèkaké ing bagéyan awak sing lara.[8]




Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b (id)Khasiat Putri Malu
  2. ^ (id)Putri malu(diundhuh 20 September 2012)
  3. ^ (id)Mimosa pudica(diundhuh 23 September 2012)
  4. ^ a b (id)Ciri khusus Putri malu(diundhuh 22 September 2012)
  5. ^ a b c (id)Karya Ilmiah Putri Malu(diundhuh 26 September 2012)
  6. ^ a b c d e f g h i j k (id)Morfologi, Anatomi, dan Fisiologi Mimosa pudica L.(diundhuh 26 September 2012)
  7. ^ a b c d e f g (id)Gerak pada Tumbuhan(diundhuh 21 September 2012)
  8. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q (id)Khasiat Daun Putri Malu(diundhuh 20 September 2012)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Putri_malu&oldid=834406"