Putri Kaguya

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Simbah kakung mbeta kondur Putri Kaguya, lukisan karya Tosa Hiromichi.

Putri Kaguya (かぐや姫の物語 Kaguya hime no monogatari?, Kisah Putri Kaguya) utawi Taketori monogatari (竹取物語? Kisah Pengambil Bambu) inggih menika cerita rakyat Jepang ingkang paling tua.[1] Kisah satunggaling laré wadon ingkang dipunpanggihaken déning simbah kakung ingkang mendhet pring saking wit pring ingkang medalaken cahya [2].

Cariyosipun kinten-kinten saking wiwitan zaman Heian. Ing salebeting Man'yōshū jilid kaping 16 lemma 3791 wonten chōka (prosa dawa) kanthi irah-irahan Taketori no Okina (Kakek Pengambil Bambu) ingkang nyariosaken wanita saking kahyangan (tennyo). Cariyos menika kirang langkung wonten gegayutanipun kalihan cariyos Putri Kaguya ingkang ugi dipunsebat minangka Taketori no okina no monogatari (Kisah Kakek Pengambil Bambu).

Penganggit lan tokoh wonten ing cariyos[sunting | sunting sumber]

Penganngit cariyos menika dumugi samenika boten dipunmangertosi. Ananging adhedhasar persentase tiyang Jepang ingkang mangertos aksara cariyos menika kirang langkung dipunserat déning satunggaling tiyang saking kalangan nginggil. Penganggit kinten-kinten mapan wonten ing sekitar ibukota Heian-kyō, lan gadhah aksès informasi babagan kalangan bangsawan. tema cariyos menika anti kemapanan saéngga saged ugi penganggit asalipun boten saking klan Fujiwara.

Tokoh-tokoh ingkang medal kados Putri Kaguya, simbah-simbah ingkang mendhet pring, lan kaisar menika tokoh ingkang fiktif. Ananging katingal saking nama-nama bangsawan lan pejabat ingkang nglamar Putri Kaguya, cariyos menika saged ugi mendhet model saking bangsawan lan pejabat ingkang naté wonten ing jaman kasebut. [3]

Lelampahaning cariyos[sunting | sunting sumber]

Kala rumiyin wonten simbah-simbah kakung kalihan garwanipun ingkang sampun sepuh. Simbah kakung nyambut damel kanthi mendhet pring ing wana. Lajeng pring kasebut dipundamel manéka pirantos lan kathah tiyang ingkang nyebat piyambakipun Kakek Pengambil Bambu. Ing sawijining dinten, simbah kasebut tindak dhateng wana, laheng mirsani satunggaling pring ingkang medalaken cahya. Piyambakipun rumaos gumun lan ngethok pring kasebut. Saking jeroning pring medal laré wadon ingkang alit namung 9 cm dhuwuripun. Laré kasebut lajeng dipunbeta kondur lan dipunrurus kados larénipun piyambak. Awit saking menika, saben dinten simbah kakung manggihaken emas saking pring saéngga dados sugih. Bibar tigang wulan, larenipun sampun dados putri ingkang ayu sanget lan dipunparingi nama Putri Kaguya (Nayotake no kaguya hime).

Putri Kaguya kawéntar ing negeri amargi ayu sanget. Kathah tiyang jaler ingkang pengin ndadosaken Putri Kaguya minangka garwanipun. Ananging sedaya dipuntampik déning Putri Kaguya, lan tasih wonten gangsal tiyang ingkang tasih remen kalihan Putri Kaguya. Gangsal tiyang kasebut sedaya kalebet pangeran lan pejabat inggi. Awit saking menika simbah kakung paring wewarah marang putri bilih wanita menika kedah manten kalihan tiyang jaler, saengga supados milih ingkang sampun wonten. Putri Kaguya paring wangsulan bilih piyambakipun namung purun kagarwa déning tiyang ingkang mbeta barang ingkang dipunkajengaken déning Putri Kaguya. Para pelamar menika kasuwun mbeta barang ingkang boten mungkin kadosta mangkok suci Buddha, pang wit emas ingkang pating krelip, kulit tikus putih saking kawah gunung berapi, mutiara naga, lan kulit kerang ingkang medalaken cahya kagunganipun manuk walet. Pelamar ingkang kapung pisan balik mbeta mangkok biasa, lajeng ingkang angka kalih mbeta batang palsu damelanipun pengrajin, dene ingkang angka tiga menika mbeta kulit tikus biasa ingkang gampil kobong. Sedaya dipuntampik déning Putri kaguya amargi boten mbeta barang asli. Pelamar kaping sekawan nyerah amargi kenging badai nalika ing mergi, dene ingkang kaping gangsal menika séda amargi boyokipun tugel. Kaisar ingkang mireng pérangan kasebut gadhah kekajengan kepanggih kalihan Putri Kaguya. Simbah paring wejangan dhumateng putri supados purun kalihan kaisar, ananging piyambakipun nampik terus. Lajeng kaisar dados nyerah lan ijolan puisi kalihan Putri Kaguya.

Putri Kaguya kondur ing Bulan

Dumugi ing musim gugur, Putri Kaguya tansah mirsani Bulan sinambi nangis. Nalika dipunpitakeni kenging menapa nangis putri boten kersa wangusal. Ananging nalika tanggal 15 wulan 8 (September) sansaya caket Putri Kaguya ngakoni bilih piyambakipun menika sanes manungsa bumi, lan ing tanggal 15 nalika wulan purnama piyambakipun kedah wangsul dhateng Bulan. Kaisar ingkang sampun mireng banjur paring dhawuh dhateng prajurit supados njagi Putri Kaguya. Dugi ing wulan purnama, kirang langkung jam 2 saking langit mandhap tiyang Bulan. Ananging simbah lan para prajurit boten saged njagi Putri ingkang badhe dipunbeta ing Bulan. Minangka tandha mata, Putri Kaguya maringi hidup kekal (不死 fushi?, boten nate seda) dhateng kaisar. Ananging tanpa Putri Kaguya kaisar rumaos boten prelu gesang dangu. Lajeng obat kasebut dipunobong wonten ing Suruga mliginipun wonten ing pucuk gunung paling inggil ing Jepang. Gunung kasebut lajeng dipunsebat "Fushi no Yama," pungkasan dipunwastani "Fujiyama" (Gunung Fuji). Obat ingkang dipunobong ing nginggiling gunung kasebut ingkang damel Gunung Fuji mesti medalaken kukus dumugi samenika mitosipun.

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ "Windows on Asia, Japanese". Asian Studies Center, Michigan State University. http://www.isp.msu.edu/AsianStudies/wbwoa/eastasia/Japan/literature.html.
  2. ^ (id) Cerita rakyat Jepang, (dipunakses tanggal 15 Februari 2013)
  3. ^ "Kaguya Hime". Encyclopedia of Japanese Culture. http://iroha-japan.net/iroha/D02_folktale/01_kaguyahime.html.

Pranala njawi[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Putri_Kaguya&oldid=836845"