Puré
Puré utawa puree lan (kadhangkala) diarani bubur iku jeneng umum tumrapé panganan, biasané woh-wohan utawa janganan, sing digiling dadi bubur empuk utawa cuwèran kenthel.
Istilah puré iki tumpang tindhih karo panganan liya sing wujudé mèh padha kayata sup kenthel, krim (crèmes) lan gravies — senadyan jinis sing disebutaké kuwi mau luwih rumit cara masaké.
Puré bisa digawé nganggo blèndher, utawa nganggo piranti liya kaya panggiling kenthang, utawa didheplok. Puré umumé kudu dimasak dhisik, sadurungé utawa sawisé digiling, kanggo ningkataké rasa lan tèkstur, ngetokaké bahan racun, lan/utawa ngurangi kandutan banyu.
Jinis puré[sunting]
Jinis puré sing umum klebu saka bahan apel, plum, lan woh-wohan liya kanggo gawé bubur utawa digawé jus:
- Applesauce.
- Baba ghanoush (eggplant).
- Bisque (shellfish).
- Champ.
- Ful medames (fava bean).
- Hummus (chickpea).
- Legume soups such as Sop Pea, sop kacang, lentil soup.
- Purée Mongole (campuran saka pea lan sop tomat).
- Mashed potatoes
- Tomato purée (deleng uga pasta tomat).
- Pimento (olive)
- Pelem
Woh-wohan iki uga kerep digawé puré:
- Arracacha
- Jagung legi
- Téla
- Waluh
- Rutabaga
- Squash, buttersquash, etc..