Pungmul
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Februari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Addbot (Kontrib • Log) 54 dinten 633 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Pungmul | |
|---|---|
| Hangeul | 풍물 utawi 농악 |
| Hanja | 風物 utawi 農樂 |
| Alih Aksara sing disampurnakaké | Pungmul utawi Nong(-)ak |
| McCune–Reischauer | P'ungmul utawi Nongak |
Pungmul, pungmulnori utawi nong-ak ( musik petani )menika musik rakyat Korea ingkang mlebetaken unsur dolanan piranti musik, tarian, akrobat lan nyanyian. Variasinipun manéka warni miturut dhaérahipun.
Bab lan Paragraf |
Sejarah [sunting]
Kesenian menika akaripun saking ritual shamanisme lan dipunpentasaken kanthi ramé-ramé minangka bagéyan saking madangnori, pertunjukkan musik lan tari rakyat ingkang dipunlakokaken ing lapangan kabikak. Saben tiyang saged ndhèrèk partisipasi nglampahaken piranti musik lajeng nari sesarengan. pungmul menika jinis musik Korea ingkang kenceng lan èksprèsif. Pungmul dipunlebetaken kategori ing jinis minsogak utawi musik rakyat kathahipun.[1]
Nalika nggarap lahan tetanèn, para petani ngginakaken manéka piranti musik kanggé ngenthengaken bebaning para petani lan minangka hiburan. Musik ugi dipunginakaken minangka pangiring donga lan ritual dhateng dewa supados kasiling tetanèn menika dipunrahmati lan dipunlindungi saking serangan ama. Sansaya dangu, pungmul dipunginakaken dados kelompok musik petani nalika wonten fèstival-fèstival ing dhaerah padésan [2]. Kelompok pemusik menika dipunwastani pungmulpae [3].
Èlemen pungmul [sunting]
èlelmen utama saking pungmul menika piranti musik perkusi. Saben kelompok pemusik gadhah satunggal utawi langkung pemain kkwaenggwari ( gong alit ), sogo ( genderang alit ), janggu ( gendhang dawa ), buk ( gendhang ageng ), lan jing ( gong ageng ). Piranti musik sebul kanthi nada inggil ugi dipunginakaken kanggé pangiring kadosta taepyeongso lan nabal.
Variasi dhaérah [sunting]
Wonten manéka jinis pungmul ing Korea adhédhasar dhaérahipun piyambak-piyambak, inggih menika Utdari Pungmul saking Gyeonggi, Chungcheong, yeongnam Pungmul saking wilayah Jeolla wilayah Gyeongsang Kidul lan tenggara, ugi Yeongdong Pungmul saking dhaérah Gangwon. Saben permainan pungmul ing wilayah-wilayah menika kagungan ciri khas ingkang béda. Padatanipun permainan pungmul ugi wonten tampilan pangut bilih para pemain piranti musik menika mbentuk kelompok lan nari saha damel akrobat. Para pemain ngginakaken sangmo, topi lan pita dawa. Kanthi individu nari kanthi jumbuh kaliyan musikipun, kados sogochum ( tari genderang alit ), jangguchum ( tari genderang dawa ), bukchum ( tari genderang ageng ), saha wonten sangmonori inggih menika mainke pita dawa kanthi muter-muter.