Pulo Wèh
| Pulo Wéh | |
|---|---|
Pulo Wéh |
|
| Dhuwur | 617 m[1] |
| Lokasi | Kilèn sisih nginggil Pulo Sumatra, Indonesia |
| Koordinat | 5.82° LU 95.28° BT |
| Jinis | Stratovolcano |
| Jeblugan pungkasan | Pleistosen |
Pulau Wèh (utawi We) inggih menika pulo vulkanik alit ingkang wonten ing kilenipun Pulo Sumatra sisih nginggil.[2] Pulo menika naté manunggal kaliyan Pulo Sumatra, ananging lajeng misah amargi mbledhugipun gunung geni ing jaman Pleistosen.[2] Pulo menika dunungipun ing Segara Andaman.[2] Kutha paling ageng ing Pulo Wéh, Sabang, inggih menika kutha ingkang dunungipun paling kilén ing Indonésia.[2] Pulo menika misuwur kanthi ekosistemipun.[2] Pamerintah Indonésia sampun netepaken wewengkon tebihipun ngantos 60 km² saking pinggir pulo minangka suaka alam.[2]
[sunting] Geografi
Pulo Weh dunungipun ing Segara Andaman, ing mrika wonten kalih klompok kapuloan, inggih menika Kapuloan Nikobar lan Kapuloan Andaman, kasebar wonten ing satunggal garis saking Sumatra ngantos lémpéng Burma.[3] Laut Andaman wonten ing lémpéng téktonik alit ingkang taksih aktif.[3] Pulo menika kagelar ngantos 15 kilometer (10 mil) ing pucuk paling lèr Pulo Sumatra. Pulo menika kalebet pulo alit ingkang jembaripun namung 156,3 km², ananging nggadhahi kathah gunung.[2] Pucuk ingkang paling inggil ing pulo menika inggih menika satunggalipun gunung geni fumaroik kanthi inggil 617 mètér (2024 kaki).[2]
[sunting] Pranala njawi
[sunting] Cathetan suku
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.