Prejanjèn Tordesillas
Prajanjèn Tordesilllas (Basa Portugis: Tratado de Tordesilhas, Basa Spanyol: Tratado de Tordesillas) iku sawijining prejanjèn sing ditandatangani ing Tordesillas (saiki ing provinsi Valladolid, Spanyol) tanggal 7 Juni 1494 sing mbagi donya ing sajabaning Eropah dadi duopoli eksklusif antara Spanyol lan Portugal sadawaning garis meridian 1550 km sisih kulon kapuloan Tanjung Verde (lepas pantai kulon Afrika), watara 39°53'BB. Wilayah sisih wétan diduwèni déning Portugis lan sisih kulon déning Spanyol. Prejanjén iki diratifikasi déning Spanyol tanggal 2 Juli lan Portugis tanggal 5 September 1494. Prejanjèn Saragosa utawa Zaragoza, sing ditandatangani tanggal 22 April 1529, sacara luwih persis nemtokaké spesifikasi anti-meridiané watara 17° wétan Maluku (145° BT).
Pranala jaba [sunting]
- (en)Treaty of Tordesillas, terjemahan dalam Bahasa Inggris oleh Blair.
- (en)Compact Between the Catholic Sovereigns and the King of Portugal Regarding the Demarcation and the Division of the Ocean Sea, terjemahan jroning Basa Inggris déning Blair.
| Wikisource gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan de Tordesillas Tratado de Tordesillas |