Prasasti Tuk Mas
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
‘’Prasasti Tuk Mas’’ iku prasasti sing dumunung ing èrèng-èrènging Gunung Merbabu (mlebu tlatah Kabupaten Magelang kang dinuga kawedalaké ing abad kaping 8 M. Prasasti ditulis nganggo aksara Pallawa kanthi basa Sansekerta.
Prasasti mau isiné memuji marang tuk sing metu seka gunung lan ndadèkaké kali kaya Kali Gangga. Ing sadhuwuré tulisan ana gambar leksana lan piranti kanggo upacara arupa cakra, sanka, trisula, kundhi, kapak, gunting, dholmas, stap, lan patang kembang fatma. Mula saka kuwi, prasasti Tuk Mas mujudaké prasasti sing digawé déning panganut agama Siwa.