Pondhoh
Pondhoh yaiku perangan njero saka pucuk wit krambil (Cocos nucifera) kang isih empuk lan bisa dipangan. Ing [[basa Inggris diarani palm heart, palmito, burglar's thigh, aristocrat's plantar, chonta, palm cabbage utawa swamp cabbage. Jinis palem-paleman liya uga bisa ngasilake p[ondoh kang bisa dipangan, kayata Palmito Juçara (Euterpe edulis), Açaí palm (Euterpe oleracea), sabal (Sabal spp.) lan pejibaye (Bactris gasipaes). Pondhoh ora bisa kajupuk kejaba kanthi mateni/ngrubuhake wite. Pondhoh bisa dipangan mentah/langsung, uga bisa diolah, umpamane digule.
Kanggo ngawekani susute cacah wit krambil menawa mung merga diajab pondhohe, ana inis palem liya kang banjur dibudidaya lan ditancur utamane kanggo dijupuk pondhohe, yaiku spesies Bactris gasipaes kang dikenal kanthi jeneng chontaduro (ing Ekuador), palmito (ing Kosta Rika) lan peach palm (Basa Inggris). Tanduran iki bisa thukul anakan ing sakiwatengen tanduran induke sahengga bisa ngasilake pondhoh tanpa mateni wite.