Poliester
Poliester iku sawijining kategori polimer sing ngandhut gugus fungsional ester jroning ranté utamané. Senajan ana akèh banget poliester, istilah "poliester" arupa sawijining bahan sing spesifik luwih asring ngrujuk marang polietilena tereftalat (PET). Poliester klebu dat kimia sing alami, kaya ing kutin saka kulit ari tetanduran, uga dat kimia sintetis kayata polikarbonat lan polibutirat.
Bisa diprodhuksi jroning manéka wangun kayata lembaran lan wangun telung dhimènsi, poliester minangka termoplastik bisa owah wujud sawisé dipanasaké. Senajan gampang kobong ing suhu dhuwur, poliester luwih asring mengkerut ngedohi geni lan matèni dhèwèké dhéwé nalika dumadi pangobongan. Serat poliester duwé kakuwatan sing dhuwur lan E-modulus sarta panyerepan banyu sing asor lan pangerutan sing minimal menawa dibandhingaké karo serat indhustri liyané.
Rujukan [sunting]
- Textiles, by Sara Kadolph and Anna Langford. 8th Edition, 1998.