Plesiosaurus
| Plesiosaurus Temporal range: Jurasik Awal |
|
|---|---|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Sauropsida |
| Superorder: | Sauropterygia |
| ordo: | Plesiosauria |
| Suborder: | Plesiosauroidea |
| kulawarga: | Plesiosauridae Gray, 1825 |
| Genus: | Plesiosaurus Conybeare, 1821 |
| Species | |
|
|
Plesiosaurus (basa Yunani : "Plesio" sing artine cedhak, lan "saurus" sing artine kadal) yaiku jinising reptil laut sing gulune dawa saka ordo Plesiosauria sing urip ing banyu.[1] Plesiosaurus kalebu jinis dinosaurus karnivora.[2] Panganan utamane yaiku iwak.[2] Plesiosaurus urip ing jaman awal Jurassik.[3]Fosil wrangka Plesiosaurus sing paling lengkap ana ing Lias,Inggris lan ing Jerman.[3]Kewan iki bisa dibedakake dening endhase sing cilik,gulu sing dawa tur ramping,awake meh mirip penyu,buntut cendhek lan rong pasang sirip dayung gedhe sing dawa.[1] Plesiosaurus kalebu Plesiosauria,nanging spesiese cukup khas, yaiku ana P.brachypterygius,P.guilielmiiperatoris lan P. tournemirensis.[4] Dinosaurus iki pemangsa kewan-kewan cilik kayata Hydrorion, Seeleyosaurus lan Occitanosaurus.[4]
[sunting] Panemuan
Plesiosaurus iku kalebu salah sijining reptil kuno sing sepisanan ditemokake (dening Mary Anning),lan entuk kawigaten akeh ing Victoria, Inggris.[4]jeneng Plesiosaurus dikei dening William Conybeare.[4] Dijenengi kaya mangkono mergane kanggo nuduhake yen Plesiosaurus kuwi pada dene kaya reptil normal biasa ,ora kaya Ichtyosaurus,sing wis ditemokake ana ing lapisan watu kang padha mung bedha pirang atus taun.[4]
[sunting] Dheskripsi
Plesiosaurus iku spesies sing duweni ke-khas-an dhewe. Yen diukur dawane rata-rata 3 nganti 5 meter (10 nganti 116 kaki).[5] Monconge cendhek,nanging cangkeme bisa mbukak amba banget,lan rahange kebak karo rentengan untu kerucut ing rongga cangkeme.[5]Gulune dawa lan ramping,nanging kayane kaku,mergane vertebrata iki enggal bener-bener gepeng,sing nuduhake ing kabeh restorasi yen Plesiosaurus ora bisa mbungkuk kanthi cara-banyak(mbungkuk leher angsa).[6]Vertebrata liyane sing rada mirip malahan enggal gepeng banget lan tegas dadi siji lan rak ana sakrume.[5] Balung rusuke dadi tunggal-endhas,lan ing tengah-tengahe rongga paru-parune sing ana ing antarane fungsine mbantu njagang bageyan-bageyan awak liyane.[2]Balung rusuk mau ngebaki Plastron padet ing rusuk abdominale.[4]Buntute cendhek lurus lan bisa nglancip kanthi cepet.[5]