Plabuhan Shanghai
Plabuhan Shanghai, mangggon ing kutha Shanghai, yaiku plabuhan kang ana ing segara ucul lan uga plabuhan kali.[1] Taun 2010, Shanghai wis ngluwihi Singapura dadi plabuhan kontainer paling sibuk ing donya. Plabuhan Shanghai nangani 29,05 yuta TEU, déné plabuhan Singapura kalah setengah yuta TEU saka plabuhan Shanghai.[2]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Géografi
Plabuhan Shanghai madhep ing Segara Cina Wétan, lan teluk Hougzhou madhep sisih kidul. Kalebu muara kali dawa (Yangtze), kali Huangpu, lan kali Qiantang.[3]
[sunting] Administrasi
Plabuhan Shangai dikelola déning Shanghai International Port (Group) Co., Ltd. (SIPG) kang ngantèkaké Shanghai Port Authority ing taun 2003.[4] SIPG yaiku perusahaan publik, kang saham kapamilikané ana ing Pamaréntah Kutha Shanghai yaiku 44,23%.[4]
[sunting] Sajarah
Saksuwéné Wangsa Ming, apa kang saiki yaiku kutha Shanghai yaiku bagéyan saka Provinsi Jiangsu (sithik wilayahé ana ing wilayah Provinsi Zhejiang).[4] Nalika Shanghai dadi bagéyan saka Wangsa Yuan, kutha iku isih cilik.[4] Panggoné ana ing muara kali Yangtze ndadèkaké kutha iki dadi kutha dagang ana ing jaman Wangsa Qing, khususé ing éra Kaisar Qianlong.[4] Alon-alon plabuhan Shanghai bisa nganti tekan plabuhan Ningbo lan plabuhan Guangzhou lan dadi plabuhan paling gedhé ing China nalika kuwi.[4] Taun 1842, Shanghai dadi plabuhan umum, lan dadi salah siji kutha dagang ing donya.[4] Wiwitané abad kaping-20, Shanghai dadi kutha paling gedhé wilayahé ing Timur Jauh, lan uga plabuhan paling gedhé ing wilwyah Timur Jauh.[4] Taun 1949, nalika Komunis nguwasani Shanghai, padagangan internasional ing Cina mudhun drastis.[4] Kawicaksanan ékonomi Républik Rakyat Cina nglumpuhaké infrastruktur Shanghai lan perkembangané.[4]
[sunting] Zona plabuhan
Plabuhan Shanghai dipérang dadi 5 lokasi kerja[4]:
- Muara kali Yangtze[4]
- Ujung kali Huangpu ing Wusongkou (吴淞口)[4]
- Waigaoqiao (外高桥) ing Pudong [4]
- Plabuhan Segara Yangshan ing (Teluk Hangzhou & Laut Cina Wétan)[4]
- Pantai Pudong (Laut Cina Wétan)[4]
[sunting] Ékonomi
Plabuhan Shanghai wigati banget kanggo transportasi ing dhaérah kali Yangtze lan régol paling wigati ing padagangan internasional. Nglayani wilayah-wilayah provinsi-provinsi Anhui, Jiangsu, Zhejiang lan Henan kang pendhudhuké padhet, dhaérah indhustri kang kuwat lan sèktor tetanèn kang maju.[5]
[sunting] Data
- 1984: 100 yuta tons (jt)
- 1999: 186 yuta
- 2005: 443 yuta
- 2006: 537 yuta
- 2007: 561 yuta
- 2008: 582 yuta kargo dan 28 yuta TEU[6]
- 2009: 590 yuta[6]
[sunting] Cathetan sikil
- ↑ (en) Shanghai overtakes S'pore as world's busiest port
- ↑ (en) Shanghai overtakes S'pore as world's busiest port
- ↑ (en) Shanghai overtakes S'pore as world's busiest port
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p (en) About SIPG. Shanghai International Port (Group) Co., Ltd. Diaksès 20 Maret 2010.
- ↑ (en) About Port of Shanghai. Shanghai International Port (Group) Co., Ltd. Diaksès 20 Maret 2010.
- ↑ a b (en) Port of Shanghai, China