Pirates of the Caribbean: At World's End
| Pirates of the Caribbean: At World's End | |
|---|---|
The Chinese characters on the poster mean "Good luck, Captain Jack." |
|
| Sutradara | Gore Verbinski |
| Produser | Jerry Bruckheimer |
| Panulis | Ted Elliott Terry Rossio |
| Paraga | Johnny Depp Keira Knightley Bill Nighy Orlando Bloom Geoffrey Rush Jack Davenport Stellan Skarsgård Chow Yun-Fat Kevin McNally Lee Arenberg Mackenzie Crook Tom Hollander Naomie Harris Jonathan Pryce |
| Musik déning | Hans Zimmer |
| Sinematografi | Dariusz Wolski |
| Panyunting | Stephen E. Rivkin Craig Wood |
| Distributor | Walt Disney Company Buena Vista Pictures |
| Prekuel | Pirates of the Caribbean: Dead Man's Chest |
| profil IMDb | |
Pirates of the Caribbean: At World's End iku bageyan katelu saka trilogi Pirates of the Caribbean. At World's End disutradarai dening Gore Verbinski, kang uga dadi sutradara ing rong film sadurunge. Pemain-pemain yang ana yaiku Johnny Depp, Keira Knightley, Orlando Bloom, Bill Nighy, Geoffrey Rush, lan Jack Davenport. Saliyane pemain-pemain iku, uga ana Chow Yun-Fat kang main dadi Sao Feng, mungsuh anyar ing trilogi iki. Film iki bakalan dibabarake ing tanggal 25 Mei 2007. [1]
Ing pungkasan crita Dead Man's Chest, Will Turner, Elizabeth Swann, lan kru kapal Black Pearl kang isih ana entuk bantuan saka Tia Dalma, kang banjur nawarake kesempatan kanggo nylametake Kapten Jack Sparrow saka ngisor segara (ing crita sadurunge, Jack katangkep dening Kraken lan digawa menyang kuburan segara). nanging, miturut Tia, bakalan angel banget tanpa kapten kang bisa ngerteni kahanan segara ing pucuking donya (World's End). Tia akhire ngenalake Kapten Barbossa, kru Black Pearl kang mberontak lan ngangkat awake dheweke dadi kapten ing film kang pisanan. Will lan Elizabeth kaget amarga sasuwene iki dheweke nyana yen kapten Barbossa wis mati ing tangane Jack Sparrow.[2]
Tia Dalma, kang bisa nguripake Barbossa maneh sawise dheweke dipateni ing film pisanan, nulungi dheweke kanggo nylametake Sparrow. Dheweke banjur gawe tim kanggo nylametake kapten Jack Sparrow (lan banjur Bootstrap Bill Turner) lan ngalahake aliansi antarane Davy Jones, Cutler Beckett, lan Admiral James Norrington. Kacritakake Jack Sparrow sikape mungsuhan karo Barbossa sanajan dheweke wis bersekutu. Kaya kang dikutip saka sutradara Gore Verbinski, "Piracy itself is at stake. It's like the railroad coming to the West. There will be a conference of the world's pirate leaders and a treacherous journey to the literal 'worlds end'."
[sunting] Cathetan Sikil
- ↑ (Basa Inggris)uk.movies.ign.com Pirates 3 Production Details (kaundhuh tanggal 30 Agustus 2011)
- ↑ (Basa Inggris)ksl.com Captain Jack Sparrow Landed In Utah Last Week (kaundhuh tanggal 30 Agustus 2011)