Pierre de Fermat
Pierre de Fermat (17 Agustus, 1601 – 12 Januari, 1665) iku sawijining ahli ukum saka Prancis ing Parlement Toulouse, Prancis kidul, lan sawijining matématikawan. Akèh wong sing njuluki minangka bapak saka calculus modhèrn.
Carané nemokaké ordinat sing paling gedhé lan cilik saka garis lengkung uga ndadèkaké panjenengané minangka kontributor ngenani differential calculus, sing durung diweruhi wektu semana. Pasinaoné ing babagan téori angka andadèkaké dadi penemu saka téori modhèrn. Panjenengané uga mènèhi kontribusi sing gedhé marang géomètri analitik lan èlmu kamungkinan (probabilitas).
Pierre de Fermat uga misuwur agawé sawijining pratélan matématika prasaja (misuwur kanthi jeneng Téori Pungkasan Fermat) sing jaré bisa mbuktèkaké, nanging ora tau tinulis. Matéematikawan nyoba mbuktèkaké téori kuwi atusan taun suwéné. Fermat manawa durung bisa mbuktèkaké téoriné nanging ngrasa bisa.