Piagam ASEAN
Piagam ASEAN iku anggaran dhasar tumrap Perhimpunan Bangsa-bangsa Asia Tenggara (ASEAN). Dhokumèn iki wis diadopsi jroning KTT ASEAN ka-13 ing Singapura, November 2007 lan wiwit lumaku tanggal 15 Desember 2008.
Sacara formal, rencana panyusunan draf dipratélakaké ing KTT ASEAN ka-11 sasi Desember 2005 ing Kuala Lumpur. Sabanjuré, sepuluh tokoh wigati ASEAN sakasaben negara anggota (disebut ASEAN Eminent Persons Group; Indonesia diwakili déning Ali Alatas) dipatah ngrumusaé naskah rekomendasi kanggo piagam iki. Jroning KTT ASEAN ka-12 ing Cebu, Filipina, Januari 2007, sawetara proposal dhasar dipaparaké marang publik. Sawetara kuwi, para pamimpin ASEAN sarujuk kanggo gawé "tim kerja tingkat tinggi kanggo ngrumusaké Piagam ASEAN" sing anggotané ana sepuluh utusan tingkat senior pamaréntah. Tim iki ketemu kaping 13 sajroning taun 2007. Jroning proses iki kawicaksanan "ora campur tangan" ("non-interference policy") sing dadi ciri khas ASEAN ora dadi pathokan wigati manèh lan diusulaké gawé badan urusan HAM.
Ratifikasi Piagam ASEAN [sunting]
Naskah Piagam ASEAN wis disarujuki taun 2007 ing Singapura lan ditapakasmani déning kabèh kepala pamaréntahan negara-negara anggota. Supaya Piagam ASEAN sing pisanan iki lumaku lan ngiket, wis disarujuki supaya kasepuluh negara anggota kudu ngratifikasi sadurungé pelaksanaan KTT ASEAN ka-14 ing Chiang Mai, Thailand. Piagam iki nembé bakal lumaku 30 hari sawisé "Instrumen Ratifikasi" ka-10 diserahaké marang Sekretaris Jenderal ASEAN (Dr. Surin Pitsuwan).
Tanggal 21 Oktober 2008 kabèh negara anggota wis ngratifikasi piagam iki, kaya kacetha ing tabel ngisor iki.
| Negara Anggota | Tanggal Ratifikasi oleh Pemerintah |
Panyerahan Instrumen Ratifikasi |
Disetujoniidéning |
|---|---|---|---|
| Singapura | 18 Desember 2007 | 7 Januari 2007 | Perdana Menteri |
| Brunei Darussalam | 31 Januari 2008 | 15 Februari 2008 | Sultan |
| Malaysia | 14 Februari 2008 | 20 Februari 2008 | Menteri Luar Negeri |
| Laos | 14 Februari 2008 | 20 Februari 2008 | Perdana Menteri |
| Kamboja | 25 Februari 2008[1] | 18 April 2008 | Majelis Nasional |
| Vietnam | 14 Maret 2008 | 19 Maret 2008 | Menteri Luar Negeri |
| Myanmar | 21 Juli 2008 | 21 Juli 2008[2] | Menteri Luar Negeri |
| Thailand | 16 September 2008[1] | 14 November 2008[2] | Parlemen |
| Filipina | 7 Oktober 2008[3] | 12 November 2008[2] | Senat |
| Indonesia | 21 Oktober 2008[4] | 13 November 2008[2] | DPR |
Catatan sikil [sunting]
- ^ "Surin welcomes Thailand's ratification of Asean charter", September 16, 2008.
- ^ a b c http://www.bernama.com.my/bernama/v3/news.php?id=371962
- ^ "Philippine Senate ratifies ASEAN Charter", October 7, 2008.
- ^ "ASEAN Secretariat: ASEAN Charter fully ratified", October 21, 2008.
Pranala jaba [sunting]
- (id)Ringkasan Piagam ASEAN
- (en)Naskah Piagam ASEAN dalam bahasa Inggris
- (en)Hotland, T. ASEAN Charter ushers in historic new era for region. The Jakarta Post daring. diakses 14 Desember 2008
|
|||||