Petrus Claver
| Petrus Claver | |
|---|---|
![]() Santo Peter Claver |
|
| Miyos | 1581 Verdu, Catalunia, Kerajaan Spanyol |
| Séda | 8 September 1654 Cartagena, Kolumbia |
| Dipun urmati ing | Gréja Katulik Roma |
| Beatifikasi | 16 Juli 1850, Roma déning Paus Pius IX |
| Kanonisasi | 15 Januari 1888, Roma déning Paus Leo XIII |
| Dinten pèngetan | 9 September |
| Pangreksa | Para budhak, Kolumbia |
Petrus Claver (1803-1841) inggih punika satunggiling misionaris ingkang ngladosi para budhak kulit cemeng ing Cartagena (sapuniki Kolumbia).[1][2] Petrus miyos ing Spanyol lan lulus saking Universitas Barcelona.[2] Salajengipun, panjenengaipun nggabung kaliyan Ordo Yésuit lan makarya ing kitha Cartagena.[2] Cartagena dipuntepangi ing wekdal puniku minangka pasar budhak, inggih punika papan dol-tinuku budhak-budhak kulit cemeng saking Afrika.[2]
Kahanan ing mrika mrihatosaken sanget saéngga Petrus ngladosi para budhak-budhak kasebat.[2] Panjenenganipun manggèn sesarengan para budhak, mundhutaken panganan lan obat-obatan, sarta ngèngetaken para majikan supados memperlakukan budhak-budhakipun kanthi langkung saé.[2] Petrus ugi njalin persahabatan kaliyan para budhak kanthi cara mbeta pamertal ingkang saged wicanten basa lan dhialèk Afrika, sarta mawartosaken Injil dhumateng budhak-budhak puniku.[2] Petrus ngladosi para budhak salaminipun sekawan dasa taun lan dipuntepangi minangka "bapa para budhak kulit cemeng".[1]
