Pethèt

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Pethet)
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Pethet

Pethèt uga diarani lamtoro, utawa petai cina.[1] Pethèt nduwéni jeneng latin Leucaena leucocephala.[1] Déné pethet iki kalebu famili Mimesaceae.[1] Tanduran iki ing basa Jawa uga diarani mlanding. [2]Ing Indonésia tanduran pethet kalebu akéh cacahé. [2] Godhong tanduran pethet kerep kanggo pakan kéwan, déné wijiné biyasané kanggo masakan. [2] Saliyané iku kayu pethet kang atos uga kena kanggo kayu obong utawa kanggo masak ing tungku utawa pawon. [2]Ing dhaérah tartamtu ana kang ngunakaké godhong pethèt kang isih nom dadi tamba [tatu]] anyaran.[2]

Bab lan Paragraf

[sunting] Dhèskripsi

Pethèt kalebu tanduran kang nduwèni wit kang atos, sanajan ukurané ora pati gedhé. [1]Pethet nduwéni godhong majemuk kang manggon ing tangkai kang nduwéni bilah ganda. Kembangé kaya jambul, wernané putih. [1]Kembang pethèt diarani cengkaruk. [1]Woh pethèt amèh padha kaya woh peté kang jeneng latiné Parkia speciosa, ananging ukurané luwih cilik.[1] Pethet uga nduwéni woh kang kulité luwih tipis tinimbang peté.[1]

Pethèt kalebu tanduran polong kang nduwèni isi cilik-cilik kang cacahé lumayan akèh.[1] Pethèt kerep didadèkaké pager tumrap para petani kang manggon ing padésan.[1] Carané tanduran pethèt ditandur ngubengi sawah utawa tegalan.[1] Pethèt uga kena kanggo rabuk.[1]

[sunting] Habitat

Pethèt cocok urip ing dhataran rendah nganti panggonan kang dhuwuré 1500 mèter ing sandhuwuré lumahing segara.[3]Ing Indonésia pethèt mèh waé cures sawisé kaserang ama wereng. [1]

[sunting] Nengkaraké

Pethèt bisa ditangkaraké nganggo wiji kang wis tuwa.[1] Cara liyané kanggo nangkaraké yaiku kanthi stèk pang.[1]Saliyané iku pethèt uga kena ditangkaraké kanthi turus utawa kayu pethèt kang dicublekaké ing lemah.[1]

[sunting] Dasanama

Jeneng Lokal : Petai cina (Indonesia), Kemlandingan, Lamtoro (Jawa); Palanding, Peuteuy selong (Sunda), Kalandingan (Madura).[1]

Jeneng liyané pethèt yaiku Leucaena glauca, Benth.[1]

[sunting] Khasiat

Pethèt bisa ngobati werna-werna penyakit. [4]Contoné yaiku Diabétes melitus, Cacingen, ningkataké Gairah seks, tatu anyaran, aboh, Tluseben utawa kasura.[4]

[sunting] Gizi

Saben 100 gram wiji polong pethèt utawa Leucaena leucocephala kang wis tuwa ngandhut zat kimia kang akéh jinisé.[5]

Déné godhong pethèt ngandhut zat aktif kang diarani alkaloid, saponin, flavonoid, lan tanin.[2]

[sunting] Chatetan suku

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r (id)http://www.iptek.net.id(dipunundhuh tanggal 18 Mei 2011)
  2. a b c d e f (id)http://www.uny.ac.id(dipunundhuh tanggal 18 Mei 2011)
  3. (id)http://pusatpanduan.com(dipunundhuh tanggal 18 Mei 2011)
  4. a b (en)http://medical-dictionary.thefreedictionary.com(dipunundhuh tanggal 18 Mei 2011)
  5. (id)http://naturindonesia.com(dipunundhuh tanggal 18 Mei 2011)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Pethèt&oldid=656860"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès