Pete-petean
| Pyrrosia | |
|---|---|
| Pyrrosia piloselloides | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Pteridophyta |
| kelas: | Pteridopsida |
| ordo: | Polypodiales |
| kulawarga: | Polypodiaceae |
| Genus: | Pyrrosia |
Pete-petean utawa sing biyasa disebut sisik naga yaiku sajenis tetuwuhan kang warnane ijo kaya dene pete ananging uripe nempel ana wit liyane.
TITIKAN [sunting]
Epiphyt, dawane 5-22 cm. sronggot utawa akar rimpang dawa, cilik, merayap, nduweni sisik; sisik nempel sacara kuwat. Godong cumeblok jinarak ing antarane akar rimpang, lan nduweni ruas karo oyote mau, pinggire rata, dimorph, sikile lancip, pucuke mbunder utawa tumpul, nduweni daging godhong, dewasane gundhul utawa nduweni rambut sing arang ing sisih ngisor, urate ngececer cumepak, kepara ora bisa kadelok. Daun fertil sing gagange cendhak utawa duduk, oval singa dawa, 1-5 ping 1-2 cm; sing fertil luwih dawa, awujud garis, gagange dawane 1-2 cm. Sori dawa, sejajar lan karo jarak tinamtu antarane tulang daun tengah, seka ujung sing kerep nyedhak. Utamane ing dhaerah perkebunan, 1-1000 m. Ing pang utawa gagang wit-witan lan perdu karo tajuk sing rapet banget. Jeneng liya kayata, Dubbeltjesvaren, N. Duiteblad, N. Picisan, Ind, Duduwitan, S. Pakis duwitan, Drymoglossum piloselloides Presl.[1]
Cathetan Sikil [sunting]
- ^ C.G.G.J van Steenis et al. 2005. FLORA. PT Pradnya Paramita: Jakarta.