Persijap Jepara
| logo | |||||||||||||||||||||||||||||||||
| Jeneng lengkap | Persatuan Sepak bola Indonesia Jepara |
||||||||||||||||||||||||||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
| Parapan | Laskar Kalinyamat | ||||||||||||||||||||||||||||||||
| Madeg | 1954 | ||||||||||||||||||||||||||||||||
| Stadion | Stadion Gelora Bumi Kartini Jepara, Indonésia (Kapasitas: 25.000) |
||||||||||||||||||||||||||||||||
| Manajer | Drs. Anwar Hariyono, MM | ||||||||||||||||||||||||||||||||
| Pelatih | Cithakan:Bendera ina Suimin Diharja | ||||||||||||||||||||||||||||||||
| Asisten Pelatih | Cithakan:Bendera ina Anjar Jambore Widodo | ||||||||||||||||||||||||||||||||
| Liga | Liga Super Indonesia | ||||||||||||||||||||||||||||||||
|
|||||||||||||||||||||||||||||||||
Persatuan Sepak bola Indonésia Jepara (asring dicekak Persijap utawa Persijap Jepara) yaiku salah sijiné klub bal-balan kang dumunung ana ing tlatah Jepara, Kabupatèn kang ana ing Jawa Tengah paling kidul pulo Jawa. Jepara iku arupa sawijining kutha kabupatèn sing mayoritas masarakaté nyambut gawé ing sèktor indhustri pengolahan kayu. Prodhuk mèbel kayu minangka lokomotif perékonomian masarakat kabupatèn iki.
Persijap diadegaké ing taun 1954. Taun 2001 tim iki kasil mlebu jajaran Divisi Utama, sadurungé wekasané bali mlebu Divisi I. Wiwit taun 2005, Persijap sing dilatih déning Rudy William Keltjes kasil bali mlebu Divisi Utama. Kanggo mangsa 2006 Persijap gabung in Wilayah Kulon.
Durung ana prèstasi hébat tumrap tim Persijap Senior. Nanging éwasemono Persijap wis mampu ngalahaké tim-tim gedhé ing Divisi Utama kayadéné Persipura, PSM lan PSIS Semarang. Malah kanggo PSIS Semarang, Persijap tau ngalahaké kaping pindho ing Copa Indonesia kanthi skor 2-0 ing Jepara lan 3-2 ing Semarang.
Kanggo Klompok Junior, Persijap kalebu klub gedhé ing Indonésia. Tim iki wis kaping telu njuwarani Piala Suratin (kompetisi junior paling dhuwur ing Indonésia). Kahébatan tim junior Persijap malah uwis madhani tim-tim Persebaya, PSM, lan klub gedhé liyané.
Persijap Jepara ngentèkaké dana gedhéné Rp12,5 miliar kanggo mèlu kompetisi bal-balan Liga Super 2010/2011.[1]
Bab lan Paragraf |
Sajarah [sunting]
Ing taun 1930-an, ing Jepara lair rong klub bal-balan bentukan Walanda. Yaitu Y.V.C (Yapara Voedbal Club) lan Alsides. Dadi cikal bakal bal-balan Jepara wis ngojod wiwit jaman penjajahan Walanda. Bal-balan Jepara ing kurun wektu ora suwé wis dadi olahraga rakyat . Ing saben pelosok désa, bal-balan wis dimainaké . Sawisé Walanda kalah lan bangsa Indonésia di jajah Jepang, rong klub kasebut bubar. Anangingi nyatané amarga wis dadi olahraga rakyat, bal-balan isih terus tuwuh ngrembaka. Meruhi perkembangan olahraga bal-balan ing Jepara, Bupati Jepara Sahlan Ridwan ( 1954 ) kepingin mbentuk sawijining kesebelasan duwèké Kabupatèn Jepara. Idhé iki dilandhasi tansaya akèhé klub-klub sing lair. Taun iku banjur dicathet minangka taun madegé Persijap Jepara persisé tanggal 11 April 1954.
Prèstasi [sunting]
Asil imbang tanpa gol ing kandhang Persiba 18 Juni 2011 mesthèkaké posisi Persijap ing peringkat ka-14 saka 15 kontèstan [[Super Liga Indonésia 2011. Posisi Persijap persis ana ing sadhuwuring Bontang FC sing kudu berjuwang mempertahankan statusé ing Indonesia Super League (ISL) liwat pertandingan playoff..[2]
Dibandhingaké karo telung mangsa sadurungé, prèstasi Persijap mangsa iki arupa sing paling èlèk..[2] Jroning kompetisi taun 2010, Persijap ana ing peringkat ka-9. Kompetisi edhisi 2008/2009, tim mawa julukan Laskar Kalinyamat kasebut ana ing strip ka-11 ing pungkasan mangsa. Prèstasi paling apik Persijap direngkuh nalika ISL miwiti lembaran pisanan ing taun 2007/2008 kapungkur. Wektu iku tim kebanggaan publik Jepara iki kasil nembus posisi kaenem ing pungkasan kompetisi..[2]
Liga Indonésia [sunting]
- 1994/95: Divisi I
- 1995/96: Divisi I
- 1996/97: Divisi I
- 1998/99: Peringkat ke-3 Grup II Divisi I
- 1999/00: Juara Grup I Divisi I (Promosi menyang divisi utama)
- 2001: Peringkat ke-12 Wilayah Wétan (Degradasi ing divisi I)
- 2002: Peringkat ke-2 Grup Barat Divisi I
- 2003: Peringkat ke-8 Grup Barat Divisi I
- 2004: Peringkat ke-3 Grup Barat Divisi I (Promosi menyang divisi utama)
- 2005: Peringkat ke-12 Wilayah Wétan
- 2006: Peringkat ke-9 Wilayah Kulon
- 2007: Peringkat ke-9 (Promosi ing Superliga)
- 2007/08: Peringkat ke-6 Superliga
- 2008/09: Peringkat ke-11 Superliga
- 2009/10: Peringkat ke-9 Superliga
- 2010/11: Peringkat ke-14 Superliga
Copa Indonésia [sunting]
- 2005/06: 16 gedhé
- 2006/07: 64 gedhé (babak pisanan)
- 2007/08: 32 gedhé
- 2008/09: Papat gedhé
Skuad Senior 2010/2011 [sunting]
Cathetan: Gendéra nuduhaké tim nasional pemain miturut peraturan FIFA. Pemain bisa waé duwé luwih saka siji kewarganegaraan.
|
|
Pamain misuwur [sunting]
Pablo Frances
Amarildo Souza
Edesio
Louis Berty Ayock
Francis Wollo
Arnaldo Villalba Benitez
Guti Ribeiro
Yoon Soung-Min
Xavi Pérez
Sakda Joemdee
Paitoon Tiepma
Chatetan suku [sunting]
- ^ (id)Persijap Jepara Habiskan Rp12,5 Miliar (diaksès 05 Agustus 2011)
- ^ a b c (id)Okezone.com Hasil Terburuk Persijap di ISL (diaksès 05 Agustus 2011)
Pranala jaba [sunting]
|
|||||||||||||||||||||||||
|
|||||||||||||||||||||||