Persepolis (film)

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Persepolis (film)
Persepolis (film).jpg
Sutradara Marjane Satrapi
Vincent Paronnaud
Produser Xavier Rigault
Marc-Antoine Robert
Kathleen Kennedy
Panulis Marjane Satrapi
Paraga Chiara Mastroianni
Catherine Deneuve
Danielle Darrieux
Simon Abkarian
Musik déning Olivier Bernet
Panyunting Stéphane Roche
Distributor Sony Pictures Classics
Durasi 95 menit
Anggaran $7,3 yuta
Bathi reged $22.752.488
Situs wèb resmi


Persepolis (film) inggih punika film animasi Prancis saking taun 2007 ingkang dipundamel déning Marjane Satrapi. Film punika naté dipunputer ing Festival Film Cannes ingkang dumunung ing Prancis. Film punika adhedhasar novèl grafis ingkang gadhahi irah-irahan sami, inggih punika Persepolis déning Marjane Satrapi. Novel punika dipunanggep mèmper kalih novèl grafis Maus saking Art Speigelman. Persepolis piyambak inggih punika animasi werna cemeng pethak ananging gadhah kagesangan ingkang saé. Animasi ingkang werni cemeng pethak dipunpendhet saking kanca Marjane inggih punika Vincent Parronaud. Vincen Parronaud piyambak inggih punika sutradara dening film Persepolis. Persepolis dipuncariyosaken mawi alur flashback. Film punika dipunadaptasi ngantos sami kaliyan novelipun piyambak. Setunggal setunggal karakter dipungambaraken sacara datar lan mawi werni cemeng pethak. Film punika nganggé voice over. Irah-irahan film punika ngrujuk kitha historis Persepolis, ing negri Iran.

Film punika dipunbabar ing Amérika Sarékat ing 25 Desember 2007 lan ing Britania Raya ing 24 April 2008.

Bab lan Paragraf

[sunting] Profil saking film Persepolis

Profil film Persepolis inggih punika:

  1. Sutradara : Vincent Paronnaud lan Marjane Satrapi
  2. Ingkang nyerat skénario : Marjane Satrapi lan Vincent Paronnaud
  3. Ingkang ngisi swanten: Sulih swanten kanggé Marjane alit dipunisi déning Gabrielle Lopes lan Marjane ageng déning Chiara Mastroianni. Lajeng ibu dipunisi déning artis sénior Prancis, Catherine Deneuve lan ibu Chiara. Swanten bapak Marjane dipunisi déning Simon Abkarian lan swanten simbah Marjane ingkang wicaksana dipunisi déning artis sénior Prancis, Danielle Darrieux.
  4. Produksi : 2.4.7 Film

[sunting] Pratélan para paraga

[sunting] Vèrsi Prancis[1]

[sunting] Vèrsi Inggris

[sunting] Ringkesan criyos film Persepolis

Persepolis gadhah criyos gesangipun Marjane ingkang tumuwuh ageng ing kulawargi modern. Marjane alit gadhah pikiran ingkang kritis sami kaliyan simbahipun, ibu lan bapakipun piyambak ingkang ngertos politik lan gadhahi haluan Sosialis ngantos wonten prastawa ingkang ndadosaken bènten inggih punika Revolusi Islam. Revolusi Islam Iran punika dadosaken benten saking sistem pamerintahan Monarki dados sistem republik Islam. Punapa-punapa dados benten kalih normalitas. Lajeng punika film Persepolis badhe maparaken crita paralel saking Marjane alit ngantos ageng ing negeri ingkang gadhahi parubahan ingkang dipunanggap langkung sae. Lan crita negeri ingkang nembe revolusi ingkang saged tumbuhipun Marjane alit. Ing bageyan wiwit Persepolis kados nyitakaken saking sudut Marjane alit ingkang dipuncriyosaken dening Marjane ngagem innocent. Sami kaliyan tiyang tiyang alit, Marjane ningali masalah revolusi punika ngantos naif. Tuladha Marjane alit anganggap pahlawan inggih punika tiyang ingkang wonten ing bui. Marjane alit mboten saged ngontrol prasangka prasangka kang mboten sae ingkang wonten pikiranipun piyambak. Ing salah satunggalipun sekuen Persepolis, dipuncriosaken Marjane alit lan kanca-kancanipun mboten remen kalih tiyang alit ingkang bapakipun dados panjaga bui. Marjane lan kanca-kancanipun anganggap panjaga bui ingkang gadhahi tanggungjawab kalih sedanipun pahlawan ing bui. Saking punika, Persepolis gadhahi pangembangan searah kalih Marjane alit ngantos Marjane ageng. Marjane inggih punika tiyang puber ingkang gesangipun lusah. Mboten gampang saged gesang ing tengah revolusi ingkang wonten batasan batasan kabebasan. Marjane ingakng gesang ing taun 1980-an mboten saged ngerungakaken tembang rock ingkang dipunremeni dening piyambipun. Kados punika Marjane dipunpindahaken ing Wina, Austria ing umur 14 taun, kang saged gadhahi kabebasan gesang. Ananging amargi Marjane ingkang tasih alih, tebih saking tiyang sepuhipun, piyambakipun gadhahi rencang ing Vienna ingkang sampun gadhahi kabebasan gesang. Piyambakipun mboten saged ngontrol keremenan sanget kalih kabebasan. Lan pungkasan punika Marjane ngertos, wonten ingkang mboten sae. Persepolis inggih punika film ingkang saged dipuncritakaken kalih tiyang ageng ingkang gesang ing globalisasi.[2]

[sunting] Tanggepan sawetawis negari perkawis Persepolis

[sunting] Iran

Iran punika negari ingkang dados salah satungalipun papan criyos Persepolis. Iran ngirimaken surat ingkang dipunlajengaken dening satunggalipun organisasi film ing Iran kagem kedutaan Prancis. Saking surat punika inggih punika protes kalih kaputusan Cannes amargi film Persepolis dipunputar. Organisasi punika nyebataken film punika gadhahi gambaran ingkang saged dadosaken mboten sae revolusi Islam ing Iran.[3]

[sunting] Libanon

Libanon inggih punika salah satunggalipun Negara ingkang mboten puruni film Persepolis, film animasi ingkang dipundamel Prancis ingkang nyriosaken revolusi Islam ing Iran dipunputar. Pejabat Kamentrian Libanon nTeks tebalgumumaken film Persepolis mboten purun dipunputar ing Libanon. Mboten purun punika amargi mboten remenipun pejabat pejabat Kamentrian ingkang gadhahi rencang Hizbullah. Presiden Mahmud Ahmadinejad piyambak nuturaken film Persepolis inggih punika film Islamofobia lan anti-Iran.[4]

[sunting] Thailand

Thailand sampun nyerah kalian tekanan saking Iran menawi film "Persepolis" mboten usah dipunputer ing Bangkok International Film Festival.

"kula dipunundhang déning kedutaan Iran kanggé mbahas masalah punika lan kita sedaya gadhah prajanjèn ingkang ndadosaken kalih negari punika untung menawi film punika mboten dipunputer ing Bangkok," tutur dirèktur fèstival Kunjara na Ayudhya Chattan ing dinten Rebu".[5]

[sunting] Panghargyan Film Persepolis

  1. 2008 Academy Awards, USA Nominasi Best Animated Feature Film of the Year
  2. 2008 Annie Awards, Nominasi Best Animated Feature(Sony Pictures Classics), Best Directing in an Animated Feature Production Vincent Paronnaud, Marjane Satrapi, Best Music in an Animated Feature Production, Olivier Bernet , Best Writing in an Animated Feature Production.
  3. 2009Best Foreign Film, Not in the Spanish Language (Mejor Película Extranjera)
  4. 2009 BAFTA Awards, Nominasi Best Animated Film, Nominasi Best Film Not in the English Language.
  5. 2007 British Film Institute Awards
  6. 2007 Cannes Film Festival Vincent Paronnaud Marjane Satrapi (Juri Prize)
  7. 2007 Cinemanila International Film Festival Marjane Satrapi Vincent Paronnaud (Special Juri Prize)
  8. 2008 César Awards, France Best First Work (Meilleur premier film) lan Best Writing - Adaptation (Meilleur scénario adaptation).
  9. 2008 French Syndicate of Cinema CriticsBest First Film (Critics Award)[6]

[sunting] Kategori Pamenang ing Festival Film Cannes 2007

  1. Palme d'Or: 4 Months, 3 Weeks, and 2 Days, Cristian Mungiu
  2. Grand Prize: The Mourning Forest, Naomi Kawase
  3. Jury Prize: Persepolis, Marjane Satrapi and Vincent Paronnaud and Silent Light, Carlos Reygadas
  4. Best Director: Le Scaphandre Et Le Papillon, Julian Schnabel
  5. Best Actor: Konstantin Lavronenko, The Banishment
  6. Best Actress: Do-Yeon Jeon, Secret Sunshine
  7. Screenplay: Faith Akin, The Edge of Heaven
  8. Caméra d'Or (co-winners): Meduzot, Etgar Keret, and Control, Anton Corbijn
  9. Palme d'Or for Short Film: Watching it Rain, Elisa Miller[7]

[sunting] Cathetan suku

  1. (id)http://groups.yahoo.com/group/rohani/message/16842 groups.yahoo.com](dipuntingali tanggal 28 September 2011)
  2. (id)new.rumahfilm.org(dipuntingali tanggal 28 September 2011)
  3. (id)http://old.rumahfilm.org/wawancara/wawancara_marjane.htm old.rumahfilm.org](dipuntingali tanggal 28 September 2011)
  4. (id)www.eramuslim.com(dipuntingali tanggal 28 September 2011)
  5. (en)www.reuters.com(dipuntingali tanggal 29 September 2011)
  6. (en)www.imdb.com(dipuntingali tanggal 28 Septembar 2011)
  7. (en)www.infoplease.com(dipuntingali tanggal 2 Oktober 2011)

[sunting] Pranala njawi

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Persepolis_(film)&oldid=658330"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès