Persepolis

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Persepolis*
Situs Warisan Donya UNESCO
Negara
Persepolis
Iran
Tipe Budaya
Kriteria i, iii, vi
Referensi 114
Wilayah Asia-Pasifik
Sajarah prasasti
Prasasti resmi 1979  (Sèsi ke-3)
* Jeneng resmi jroning Daftar Warisan Donya.
Miturut klasifikasi resmi UNESCO.

Swara Persepolis (Persia Lama 𐎱𐎠𐎼𐎿 Pārsa Farsi: پارسه, Takht-e Jamshid Farsi: تخت جمشید utawi Chehel Minar Farsi: چهل منار) inggih punika sawijining ibu kutha kuna saking Kekaisaran Persia, dumunung 70 km timur laut Shiraz, Iran. Wonten ing basa Persia kuna, kutha punika dipunsebut Parsa, ingkang ateges "Kutha Bangsa Persia". Persepolis inggih punika terjemahan saking basa Yunani saking nama kutha punika: Πέρσης πόλις (Persēs polis: "Kota Persia"). Wonten ing basa Persia, papan punika misuwur minangka Takht-e Jamshid (Tahta Jamshid) lan Parseh. Sisa paling wiwitan Persepolis asalipun antawis taun 515 SM.

Nalika taun 1979 UNESCO ndeklarasikaken kutha Persepolis minangka Situs Warisan Donya[1].

Pambangunan[sunting | sunting sumber]

Lokasi Persepolis

Bukti arkeologi nedahaken bilih reruntuhan Persepolis ingkang paling awal asalipun antawis taun 515 SM. André Godard, sawijining arkeolog Perancis nalika awal 1930-an nedahaken bilih Cyrus Agung milih lokasi Persepolis, ananging Darius Agunglah ingkang mbangun teras pelataran lan kompleks bangunan istananipun.

Darius maréntahaken pambangunan Balai Apadana lan Balai Konsul (Tripylon utawi Balai Tiga Gerbang), ingkang dados bangunan Perbendaharaan Kemaharajaan, sarta sapérangan bangunan ing saklilingipun. Pambangunan punika saged dipunpungkasi nalika masa pamaréntahan putranipun, Raja Xerxes Agung. Pambangunan ingkang langkung wonten ing bangunan lan teras terus dipunlajengaken dumugi masa keruntuhan Kekaisaran Akhemeniyah.[2]

Panalitén Arkéologi[sunting | sunting sumber]

Odorico da Pordenone mampir ing Persepolis antawis taun 1320 wonten ing perjalanipun ing China. Nalika 1474, Giosafat Barbaro ngunjungi reruntuhan Persepolis lan kanthi keliru ngira bilih punika minangka reruntuhan kutha Yahudi.[3] Antonio de Gouveia saking Portugal nyerat babagn prasasti cuneiform nalika kunjunganipun taun 1602. Lapuran kapasananipun babagan Persia, Jornada, dipunterbitaken nalika 1606.

Penggalian ilmiah kapisanan ing Persepolis dipuntindakaken déning Ernst Herzfeld lan Erich F Schmidt makili Oriental Institute lan Universitas Chicago. Penggalian arkeologi dipuntindakaken dangunipun 8 musim, diounwiwiti taun 1930 lan nyakup situs-situs ing sakitaripun.[4] [5] [6] [7] [8]

Wiwit taun 1946, dokumén asli, cathetan, photo, sarta tembikar saking penggalian Persepolis déning Herzfeld, nalika 1923, 1928, lan antawis 1931 lan 1934 dipunsimpen ing Freer Gallery of Art, Institusi Smithsonian, ing Washington, DC.

Herzfeld pitados bilih pambangunan Persepolis kagungan ancas saperlu nyipatakaken "atmosfer" lan citra keagungan, minangka simbol kejayaan kemaharajaan Persia, sarta minangka papan ngadani upacara lan perayaan mligi, utamanipun “Nowruz”. Minangka alesan historis, Persepolis dipunbangun ing tanah air dinasti Akhaemenid, éwadéné nalika punika boten dumunung pas wonten ing tengah jantung kemaharajaan.

Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ http://whc.unesco.org/en/list/114
  2. ^ 2002. Guaitoli. M.T., & Rambaldi, S. Lost Cities from the Ancient World. White Star, spa. (2006 version published by Barnes & Noble. Darius I founded Persepolis in 500 BCE as the residence and ceremonial centre of his dynasty. p. 164
  3. ^ Historical account of discoveries and travels in Asia, Hugh Murray, Edinburgh, A. Constable and Co; 1820., p.15 [1]
  4. ^ [2] Ernst E Herzfeld, A New Inscription of Xerxes from Persepolis, Studies in Ancient Oriental Civilization, vol. 5, 1932
  5. ^ [3] Erich F Schmidt, Persepolis I: Structures, Reliefs, Inscriptions, Oriental Institute Publications, vol. 68, 1953
  6. ^ [4] Erich F Schmidt, Persepolis II: Contents of the Treasury and Other Discoveries, Oriental Institute Publications, vol. 69, 1957
  7. ^ [5] Erich F Schmidt, Persepolis III: The Royal Tombs and Other Monuments, Oriental Institute Publications, vol. 70, 1970
  8. ^ [6] Erich F Schmidt, The Treasury of Persepolis and Other Discoveries in the Homeland of the Achaemenians, Oriental Institute Communications, vol. 21, 1939

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Persepolis&oldid=836141"