Manuk Perkutut
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Perkutut)
| Manuk Perkutut | |
|---|---|
| Status konsèrvasi | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Aves |
| ordo: | Columbiformes |
| kulawarga: | Columbidae |
| Genus: | Geopelia |
| Species: | G. striata |
| Jeneng binomial | |
| Geopelia striata (Linnaeus, 1766) |
|
Perkutut utawa merbuk (Geopelia striata, familia Columbidae) yaiku manuk sing nduwèni ukuran kurang luwih 10 cm, werna wuluné blirik klawu rada ireng, cucuké cilik awarna ireng, lan sikile cendhak. [1]
Morfologi [sunting]
Ciri Morfologis manuk perkutut :
- Manuk perkutut awaké cilik. Dawané watara 20-25 cm.
- Endhasé bunder cilik,awarna klawu.
- Cucuké dawa lancip werna biru rada klawu.
- Mata manuk perkutut bunder kanthi iris awarna klawu rada biru.
- Guluné rada dawa kanthi wulu alus.
- Wulu saubengé dhadha lan gulu mbentuk pola garis malang awarna ireng lan putih.
- Wulu sing nutupi awak perkutut awarna kasoklatan.
- Wlu swiwi ana garis malang werna soklat tuwa.
- Wulu buntuté uga awarna soklat rada dawa.
- Driji manuk perkutut cacahé wolu kanthi kuku-kuku sing lancip. Dadi gunggung driji sasisih ana papat.
- Telu saka papat drijiné ana ing ngarep lanb sing siji ana ing mburi.