Pelantikan Presidhèn Amérika Sarékat Barrack Obama
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Upacara pelantikan Presidhèn AS Barack Obama dianakaké ing tanggal 20 Januari, 2009, ngarujuk marang katentuan amandemèn undhang-undahang AS kaping 20. Upacara minangka tandha miwiti mengku jabatan patang taun Barack Obama lan Joe Biden minangka Presidhèn lan Wakil Presidhèn. Upacara diangkah bakal diseksèni déning luwih saka rong yuta tamu.[1] Téma upacara yakuwi lairé (manèh) kabébasan ("A New Birth of Freedom") kanggo mèngeti ambal warsa kaping 200 kalairan Abraham Lincoln.[2]
Bab lan Paragraf |
Jadwal[sunting]
- Gerbang upacara dibukak jam 8:00 ésuk EST (13:00 UTC)
- Upacara diwiwiti jam 10:00 ésuk EST (15:00 UTC) ing plataran kulon Gedhung Capitol. Acara iki klebu:
- Musik saka Band Marinir AS, dibarengi padhuan swara pemudha-pemudhi San Francisco.
- Sambutan saka Sen. Dianne Feinstein.
- Invocation déning Rev. Rick Warren.
- Musik saka Aretha Franklin.
- Biden disumpah déning Mahkamah Agung AS Hakim John Paul Stevens.
- Musik saka John Williams, composer/arranger Itzhak Perlman, (biola), Yo-Yo Ma (cello), Gabriela Montero (piano) lan Anthony McGill (clarinet).
- Obama disumpah watara jam 12.00 EST (17:00 UTC), déning Ketua Hakim John Roberts migunakaké Injil Upacara Presidhèn Lincoln.
- Pidhato sambutan Obama
- Puisi déning Elizabeth Alexander.
- Donga Benediction déning Rev. Joseph E. Lowery.
- Lagu kabangsan déning Band Angkatan Laut AS "Sea Chanters."
- President Obama ndhèrèkaké tilas Presidhèn George W. Bush ninggalaké upacara kanggo kembul bojana ing Statuary Hall ing gedhung Capitol.
- Parade tumuju Pennsylvania Avenue ,saka gedhung Capitol menyang Gedhung Putih.
Jeneng “Hussein”[sunting]
| “I think the tradition is that they use all three names, and I will follow the tradition, not trying to make a statement one way or the other.” —Barack Obama[3] |
Obama wis mutusaké bakal migunakaké jeneng pepak, klebu jeneng tengahé Hussein,[3]
Miturut Obama, kaputusan migunakaké jeneng tengah iki minangka bagéan saka upayané kanggo ngatrol imèj ing saindhenging donya,".[4]
Cathetan[sunting]
- ^ Sheridan, Mary Beth. "Inauguration Day Crowd Estimate Reduced by Half", Washington Post, 2008-12-22, p. A1. diaksès tanggal 2008-12-24.
- ^ "Senator Feinstein Announces 2009 Inaugural Theme", Press Release, Joint Congressional Committee on Inaugural Ceremonies, 2008-11-05. diaksès tanggal 2009-01-15.
- ^ a b "Obama to Resurrect Middle Name for Inauguration Day". FOX News. FOX News Network, LLC. 2008-12-16. http://www.foxnews.com/story/0,2933,467607,00.html. Retrieved 2008-12-21.
- ^ Parsons, Christi, John McCormick and Peter Nicholas (2008-12-09). "Barack Obama plans to reach out to Muslim world". Chicago Tribune. http://www.chicagotribune.com/news/politics/obama/chi-barack-obama-muslim-1210,0,5694976.story?page=1. Retrieved 2008-12-21.
Pranala jaba[sunting]
Pirsani galeri bab Pelantikan Presidhèn Amérika Sarékat Barrack Obama ing Wikimedia Commons.
- Presidential Inaugural Committee website
- Washington Post street closing report
- Interactive Road Closure and Transportation Map
- Inauguration Headlines
Pidhato[sunting]
|
||||||||||||||||||||||