Paus sperma

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Paus Sperma[1]
Perbandingan ukuran dengan manusia
Status konsèrvasi
Klasifikasi èlmiah
krajan: Animalia
filum: Chordata
kelas: Mammalia
ordo: Cetacea
Suborder: Odontoceti
kulawarga: Physeteridae
Genus: Physeter
Species: P. macrocephalus
Jeneng binomial
Physeter macrocephalus
Linnaeus, 1758
Wilayah penyebaran Paus Sperma (diwarnai biru)
Sinonim

Physeter catodon Linnaeus, 1758
Physeter australasianus Desmoulins, 1822

Paus Sperma (Physeter macrocephalus) inggih punika kéwan paling ageng ing kelompok [paus bergigi]] ugi minangka kewan bergigi paling ageng ing jagad. Paus punika dipunsukani nama amargi bahan putih susu spermaceti ingkang wonten ing sirahipun, saha nalika wiwitani dipunduga minangka sperma. Sirah Paus Sperma ingkang ageng saha bentuk sedayanipun benten, katambahan malih wonten ing novel Moby-Dick ingkang dipunserat déning Herman Mellville, damel paus punika misuwur minangka paus arketipe (archetype).

Sapérangan amargi Melville, Paus Sperma asring dipungayutaken kaliyan Leviathan semi mistis saking cariyos-cariyos Alkitab.

Paus Sperma rumiyin ugi dipunkenal minangka Common Cachalot'

Deskripsi pisik[sunting | sunting sumber]

Ciri khas saking Paus Sperma inggih punika sirahipun ingkang ageng, langkung malih ingkang jantan, biasanipun saged dumugi sepertiga saking dawa badanipun. Nama spesiesipun piyambak macrocephaluss kapendhet saking basa Yunani kanggé "Sirah ageng". Benten kaliyan kulit lunyu ingkang dipungadhahi déning sapérangan ageng paus sanésipun, kulit bagéyan wingking paus sperma biasanipun "berkedut". Paus Sperma kagungan werni abu-abu, éwadéné sawetawis wekdal katingal coklat nalika wonten ing ngandhap cahyaning matahari ("Great White Whale" wonten ing novel Melville, éwadéné wonten, mbok menawi punika albino). Boten kagét menawi otak Paus Sperma minangka otak paling ageng saha paling abot tumraping sedaya kéwan (bobotipun rata-rata 7 kg ing paus jantan dewasa). Ananging, otak Paus Sperma boten ageng sanget menawi kabandhingaken kaliyan ukuran badanipun.

Bolongan pernapasan (blowhole) dunungipun caket kaliyan bagéyan ngajeng sirah lan condhong mangiring (menawi dipuntingali saking sisih ingkang sami kaliyan paus). Punika nedahaken ciri-ciri hembusan berkembang ingkang gamblang pinuju sisih ngajeng. Sirip wingkingipun dumunung antawis kalih pertiga saking andhap tulang belakang saha biasanipun cekak lan wujudipun segitiga sama kaki. Flukeipun ugi awujud segitiga lan kandel sanget. Flukeipun kaangkat inggil-inggil saking toya sadéréngipun paus nyilem.

Paus Sperma kagungan 20-26 pasang untu kerucut ing rahang andhapipun. Saben untu bobotipun saged dumugi setunggal kilogram. Asal bentuk untu punika boten dipunmangertosi kanthi pesthi. Dipun pitadosi bilih untu-untu kasebut boten dipun prelukaken kanggé nedha sotong, déné wonten Paus Sperma liar ingkang sehat lan cekap nedha éwadéné boten kagungan untu. Konsensus para ilmuwan jaman punika inggih untu-untu kasebut mbok menawi dipunginakaken ing papranganing antawis paus jantan ing spesies ingkang sami. Hipotesis punika "konsisten" kanthi untu ingkang bentukipun kerucut lan arang-arang. Untu ingkang déréng sampurna ugi wonten ing bagéyan rahang inggil, ananging untu kasebut boten asring thukul saha katingal ing lambé.


Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Paus_sperma&oldid=827661"