Paul McCartney
| Paul McCartney | |
|---|---|
| Latar wuri | |
| Jeneng | James Paul McCartney |
| Génré | Musik rock, pop rock, psychedelic rock, experimental rock, rock and roll, classical, pop |
| Pegawéyan | penyanyi-penulis lagu, musikus, artis, aktivis |
| Instrumèn | Gitar bass, gitar, piano, keyboards, drums, mandolin, vokal |
| Taun aktif | 1957—sekarang |
| Label | Hear Music Apple Records Parlophone Records Capitol Records Columbia Records EMI Music Group |
| Magepokan karo | The Beatles, The Fireman, The Quarrymen, Wings |
| Situs wèb | www.paulmccartney.com |
| Alat musik | |
| Hofner 500/1 Rickenbacker 4001S Gibson Les Paul Epiphone Casino Epiphone Texan |
|
Sir Paul McCartney, KBE (lair ing Liverpool, Inggris, 18 Juni 1942; umur 70 taun) menika satunggalipun penyanyi, pangripta lagu, lan komposer saking Inggris.[1][2] Panjenenganipun misuwur minangka salah satunggalipun personil The Beatles ing taun 1960-1970 lan grup Wings taun 1971-1981.[1] McCartney menika satunggalipun musisi ingkang sukses lan dipunaturi kanugrahan saking Guinness Book of Records minangka penyanyi ingkang sukses sepanjang masa kanthi 60 platinum lan 100 singel ingkang dipunsade ing Inggris.[1] McCartney misuwur amargi dados satunggalipun personil The Beatles, kaliyan John Lennon, George Harrison, lan Ringo Starr. McCartney lan John Lennon dados musisi ingkang populer ing sajarah musik rock.[3] Sasampunipun medal saking grup The Beatles, McCartney dados solo karier lan mlebet grup band Wings kaliyan garwanipun, Linda Eastman lan musisi Denny Laine.[3] BBC News Online nyerat asmanipun McCartney minangka "greatest composer of the millennium" (komposer paling ageng ing abad milenium).[2] BBC News ugi nyerat bilih lagu The Beatles "Yesterday" dados satunggalipun lagu ingkang paling sukses sadangunipun rekaman ngalahaken 2.200 artis wiwit dipunrilis ing taun 1965.[2] Lagu menika sampun dipunstel ngantos 7.000.000 ing televisi lan radio Amerika Serikat.[2]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c (en)Guinness World Records Launches 2009 Edition dipunundhuh tanggal 17 Juli 2011)
- ^ a b c d (en)Sir Paul is Your Millennium's greatest composer dipunundhuh tanggal 17 Juli 2011)
- ^ a b (en)The Lennon-McCartney Songwriting Partnership dipunundhuh tanggal 17 Juli 2011)
Pranala Njawi [sunting]
| Wikiquote anggadhahi kolèksi kutipan ingkang magepokan kaliyan: |
- (en) Situs resmi
|
||||||||||||||||||||