Garuda Wisnu Kencana
Garuda Wisnu Kencana (GWK) Cultural Park yaiku papan panggonan kanggo wisata ing Unggasan Jimbaran Bali kanthi obyèk wisata Reca GWK (Garuda Wisnu Kencana).[1] Reca GWK iki yaiku reca replika Dewa Wisnu sing lagi numpaki kendaraan sing jenengé Garuda dhuwuré 12 meter karyane pematung kondang saka Bali, I Nyoman Nuarta. Papan panggonan Taman Budaya Garuda Wisnu Kencana panggone 146 mèter saka lumahing segara.[1] Areal GWK iki nduweni jembar 200 hèktar.[1] Ning areal sing luas iki mengko GWk dadi andalan utama panggon wisata iku ngadeg sing kokoh patung GWK.[1] Reca Dewa Wisnu rencanane arep dibangun nganggo posisi numpak Garuda.[1] Dhuwure patung iku kira-kira 75 meter lan dhuwure pondasine 70 meter.[1] Mekaten, total kabeh dhuwure 145 meter.[1] Garuda iki dikira nduwèni lebar bentangan swiwi kang dawane 66 meter.[1] Kabehe nduweni bobot kira-kira 4000 ton.[1] Patung karya sing masterpiece Bali, I Nyoman Nuarta.[1] Dhwuwur patunge ditambahi papan panggonan sing dibangun ning bukit sing nduweni dhuwur 300 meter ning dhuwur permukaaan segara, mangka GWK bisa ditonton saka kadohan.[1] Saka Bandara Ngurah Rai, GWK bisa didhelok nyata sapa sing ngadeg ning kana. [1]Suwaliké, yèn ditonton saka posisi iku, mangka saka kawasan GWK, bisa katon cetha lan uga bisa ndeleng srengéngé angslup ing Jimbaran sing nduwèni wedhi ireng.[2] Pembangunan GWK iki mangka nyata bisa kasebut mega proyek.[2] Panggawéné reca sing gedhé iki nganggo bahan sing mliginé saka campurane tembaga karo kuningan, sing njabané diwènèhi lapisan mozaik emas.[2] Saiki patung Dewa Wisnu isih dadi separo awak lan patung garuda lagi dadi sirahe. Ukuran sirah manuk sing gedhe iki.[2] Dhuwure kuping ngluwihi dhuwure manungsa.[2] Angèl dibayangke wangun manuk Garuda iki sakkabèhé manawa wis dadi.[2]