Pathet
Pathet menika ukuran inggil lan andhapipun gendhing (swanten gamelan). [1] Pathet menika ingkang dados patokan runtut lan saenipun gendhing. [1] Pathet dados wates inggil lan andhapipun tata caca nabuh gamelan. [1] Cara nabuh gamelan slendra lan pélog kanthi nganggé pathet ingkang kapérang dados tigang jinis, inggih menika: [1]
- Pathet nem, nganggé dhasar swanten laras lugu,
- Pathet sanga, nganggé dhasar swanten laras (swanten ingkang runtut kanthi sae) gangsal,
- Pathet manyura, nganggé dhasar swanten laras nem.[1]
Ing salebeting pakem pewayangan, pathet nem (jam 21.00-24.00), dipunwiwiti saking adhegan istana ngantos perang rampogan utawi perang gagal. [1] Pathet sanga (jam 24.00-03.00), sasampunipun perang kembang ngantos sasampunipun adhegan pertapan. [1] Pathet manyura (jam 03.00-06.00), sasampunipun perang kembang ngantos pungkasan. Manyura tegesipun merak, werdinipun wekdal menika sampun “prak” utawi wekdal sampun badhé parak énjing. [1]
Jinis [sunting]
Jinisipun pathet miturut laras (pelog lan slendra)[2]:
- Slendra
- Nem: 6-5-3-2
- Sanga: 2-1-6-5
- Manyura: 3-2-1-6
- Pélog
- Lima: 5-4-2-1 (lami) utawi 5-3-2-1 (énggal)
- Nem: 2-1-6-5
- Barang: 3-2-7-6
- Manyura: 3-2-1-6
Cathetan Suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.