Partai Persatuan Pembangunan
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Partai Persatuan Pembangunan (PPP) kuwi partai pulitik ing Indonesia.
Wektu didhéklarasèkaké tanggal 5 Januari 1973 partai iki minangka kasil gabungan saka patang partai kaagamaan yaiku Partai Nadhatul Ulama (NU), Partai Serikat Islam Indonesia (PSII), Perti lan Parmusi. Ketua sauntara wektu kuwi yaiku H.M.S Mintaredja SH. Panggabungan kapapat partai kaagamaan kasebut diangkah kanggo mrasajakaké sistem kepartaian ing Indonesia jroning ngadhepi Pamilihan Umum pisanan ing kala Orde Baru taun 1973.
[sunting] Ketua Umum
Jabatan ketua umum wiwitané awangun presidium sing dumadi saka KH Idham Chalid minangka Presidhèn Partai sarta Mintaredja, Th M Gobel, Rusli Halil, lan Masykur minangka wakil prèsidhèn partai.
- M. Syafaat Mintaredja (5 Januari 1973-1978).
- H. Djailani Naro (1978-1984 sing nggantèkaké Mintaredja) lan (1984-1989).
- Ismail Hassan Metareum (1989-1994) lan (1994-1998).
- Hamzah Haz (1998-2003) lan (2003-2007). Taun 2001, Hamzah kapilih dadi wakil presidhèn liwat swara majelis ing Sidang Istimewa MPR tahun 2001. Jroning Pemilu Presiden 2004, PPP nyalonaké Hamzah Haz minangka calon presidhèn, pasangan karo Agum Gumelar minangka calon wakil presidhèn. Perolèhan swara pasangan iki, nganti pungkasan mung watara 3 persèn.
- Suryadharma Ali (2007-2012).