Partai Komunis Indonésia

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Partai Komunis Indonesia
Ketua DN Aidit
(1950-1965)
Sekretaris jenderal Soedisman
Kantor pusat Jakarta
Ideologi Marxisme Leninisme
Situs web
http://indomarxist.tripod.com/

Partai Komunis Indonesia (PKI) kuwi sawijining partai pulitik ing Indonésia kang nduwèni idéologi komunis lan diadegaké ing taun 1921 ing kutha Semarang. Jroning sajarah, PKI wis tau mbrontak marang pamaréntahan kolonial Walanda ing taun 1926, ndhalangi pemberontakan PKI Madiun ing taun 1948 lan dianggep ndhalangi pemberontakan G30S ing taun 1965.

Sejarah[sunting | sunting sumber]

Komunisme ing Indonesia dikenalaké déning wong nasionalis radhikal saka Landa H.F.J.M Sneevliet kang teka ing tlatah Indonesia sapreludadi pégawai kantor dhagang ing Semarang ing taun 1913. Ora patia cetha tujuané teka, ananging dhéwéké bisa ndeleng yèn Indonesia bisa dadi tlatah suburé Komunisme. Ing wulan Mèi 1914 H.F.J.M Sneevliet karo kanca-kancané J.A Bransterder, H.W. Dekker,P. Bergsma lan A. Baars nyengkuyung ambangun kelompok ISDV (Indische Social Demokratische Vereeniging) ing Semarang. Kelompok Marsix pertama ing Asia Tenggara. Ing wulan Oktober, ing taun kuwi uga nggawé media massa, arané MEDIA BEBAS duwéni éditor Bergsma, Sneevliet lan A. Baars. [1]. Ing taun 1917 Sneevliet lan kanca-kancané wis duwé pangaruh kang kuat [2]. Anggota-anggotané ISDV disusupaké ing kelompong kondang Sarékat Islam. Anggoné nyusupaké anggota ing Sarékat Islam saya suwé sang saya gedhé nganti Sarékat Islam pecah, lan dipérang dari rong kelompok, diarani Sarékat Islam Merah lan Sarékat Islam Putih. Anggotané Sarékat Islam Putih yaiku saka angggota Sarékat Islam kang isih saktujuan ora kacampur karo paham Komunis. Kelompok Sarékat Islam kang wis kacampur karo paham Komunis, mecah dadi Sarékat Islam Merah. Pangarsaning Komitèrn taun 1923 Tan Malaka nglaporaké yen Perserikatan Komunis ing Hindia Belanda wis nganti kuwasani 20 sèksi ing Sarèkat Islam lan diandharaké yén saka 100.000 anggota Si, ana 30.000 anggota kang aktip dadi anggota Komunis. Jalaran anggotane komhnis saya radhikal, ora saithik wong kang dadi komunis ditangkapi dening pamarintah Hindia Belandha. Ing taun 1923, Darsono anggota anyar Komunis mandhégani panggabungan anggota Komunis. Saya suwé PKI kasil nyebarake komunisme ing tlatah Indonesia. Kejaba ngunu, PKI uga durung bisa ngontrol kadisiplinan uga ideologiné para anggotané. Panindakan kejem déning pamarintahan Landa marang aksi-aksi Sarékat Rakyat nyebabaké dianakaké Kongrès PKI ing wulan Désèmber 1924 ing Kotagedé, Yogyakarta. Ing kongrès kuwi diputusaké nglebur Sarékat Rakyat ing PKI. [2]. Taun 1924 diresmiaké ngedhegaké Partai Komunis Indonesia.

Gejolak Partai Komunis Indonesia (PKI)[sunting | sunting sumber]

Ing taun 1926, PKI kasil nganakake gejolaking masarakat ing peranganing papan. Gejolaking masarakat kabeh diatasai dening Pamarintah Hindia Belandha.Akeh tokoh komunis lan nasionalis dikunjara, malah ana sing dibuwak ing Digul Tanah Merah, Irian Jaya, nanging tokoh komunis Alimin lan Muso bisa mlayu ing negeri manca. Ing taun 1935 Komintern ngirim maneh wong tokoh komunis ing Hindia Belandha, yaiku Muso. Karo bantuan saka Djoko Sudjono, Pamuji lan Achmad Sumadi, Muso nganakake kagiatan bawah tangan. Tekan gagalé gejolak rakyat nglawan pamarintah Hindia Belandha ing taun 1923-1927, kagiatan PKI ora katon manèh. Kagiatan-kagiatan PKI wiwit kanton manèèh ing taun 1947, nalika Komunisme Internasional ngewènèhi doktrin Zhdanov. Kaya mengkana, ing taun-taun Proklamasi Kamardhékan Indonesia. Ing taun 1948, Komunis Internasional nekaké Muso lan Suripno banjur nganakaké pamberotakan ing dhaérah Madiun taun 1948 [2].

Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ Soergiarso Soerojo, (1988), Siapa Menabur angin akan Menuai Badai (G30S/PKI dan Apa Peran Bung Karno), Halm: 3
  2. ^ a b c Tim Penulis, Gerakan 30 September Pemberontakan Partai Komunis Indonesia (1994), Halm: 8