Partai Buruh
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Partai Buruh | |
|---|---|
| 150px | |
| Ketua Umum | Muchtar Pakpahan |
| Sekretaris Jenderal | Sonny Pudjisasono |
| Kantor pusat | Jakarta Pusat, DKI Jakarta |
| Situs web | http://www.partaiburuh.org/ |
Partai Buruh iku sawijining partai pulitik ing Indonesia. Partai iki wis naté mèlu Pemilu 1999 lan Pemilu 2004. Saiki uga mèlu Pamilihan Umum Legislatif Indonesia 2009.
Jroning Pemilu 1999, partai iki migunakaké jeneng Partai Buruh Nasional, kanthi nomer urut 37. Banjur ing Pemilu 2004 partai iki migunakaké jeneng Partai Buruh Sosial Demokrat (PBSD), kanthi nomer urut 2. Banjur ing Pemilu 2009, Partai Buruh sing sadurungé ora lulus verifikasi, nanging kanthi anané gugatan 4 partai gurem ing Pemilu 2004 marang Majelis Konstitusi, pungkasané 4 Partai politik gurem iki disahaké uga dadi Parpol peserta pemilu; salah sijiné yaiku Partai Buruh. Sabanjuré jroning Pemilu 2009, Partai Buruh éntuk nomer urut 44.
