Parkir
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Addbot (Kontrib • Log) 25 dinten 640 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Parkir yaiku kahanan ora gerak salah sawijining kendaraan sing sifaté sedéla, amarga ditinggal dening sopiré. Miturut hukum diawisi parkir ing tengah dalan raya, ananging parkir ing sebelahé dalan umume diéntukaké. Fasilitas parkir dibangun bebarengan karo akèh-akèhe gedung, kanggo nyukupi kendaraan sing nganggo gedung. Kalebu uga ing njero pangertèn parkir yaiku saben kendaraan sing mandek ing papan-papan katentu apik kui sing didudohaké nganggo rambu lalu lintas utawa ora, lan ora mung kanggo kepentingan munggahaké lan utawa mudunaké wong lan utawa barang [1].
Ana telu jenis parkir sing utama, miturut carané ngatur posisiné kendaraan, yaiku parkir paralel, parkir tegak lurus, lan parkir sérong.
Satuan Ruang Parkir [sunting]
Satuan ruang parkir minangka ukuran jembar sing efektif kanggo ndèlèh siji kendaraan (montor, bis/truk, utawa sepédha montor). Ing njerone wés kamasuk ruang bebas sisih kiwa lan tengen kendaraan supaya lawang bisa dibukak kanggo munggah mudun penumpang lan perkawis tartamtu misalé ruang gerak kanggo kursi rodha khusus kanggo parkir kendaraan panyandang cacat lan ruang bebas ngarep mburi. Menawa tanpa penjelasan, SRP yaiku SRP kanggo mobil penumpang [2].
Cathetan suku [sunting]
- ^ (id)http://artikata.com/arti-343831-parkir.html(dipununduh tanggal 21 September 2012)
- ^ (id)http://www.scribd.com/doc/74838362/14/PENGERTIAN-PARKIR(dipununduh tanggal 23 September 2013)