Park Yong Ha
| Park Yong Ha | |
|---|---|
| Lair | 12 Agustus 1977 |
| Died | 30 Juni 2010 (umur 32) Seoul, South Korea |
| Park Yong Ha | |
|---|---|
| Hangeul | 박용하 |
| Hanja | 朴容夏 |
| Alih Aksara sing disampurnakaké | Bak Yong-ha |
| McCune–Reischauer | Pak Yongha |
Park Yong-ha (lair ing Seoul, 12 Agustus 1977 – tilar donya ing Seoul, 30 Juni 2010 kanthi yuswa 32 taun) yaiku penyanyi lan aktor Korea Selatan. [1] Dheweké dikenal dadi penyanyi sukses lan aktor kang ngasilaké pirang-pirang album lan single.[1] Lagu-laguné mau ora mung dirilis ing Korea ananging uga ing Jepang, di gawangi agen 2 yaiku Yona Entertainment ning Korea lan Up-Front Agency ing Jepang.[1] Sakwisé karir kang gemilang mau, Park ditemukaké ninggal dunya dening ibuné ing omahé.[1] Penyebabé diperkiraké kerana bunuh diri. dheweké ditemukaké nggantung nggunakaké kabel charger camcorder.[1]
Ing sajarah Kariré, diwiwiti taun 1994 wektu dheweké nggabung ana ing drama THEME THEATER.[1] Banjur taun 2002 jeneng Park banjur mulai kondhang ing masarakat Asia amarga peran kang dilakoni ing drama serial kondhang WINTER SONATA bebarengan karo Bae Yong Joon lan Choi Ji-Woo. [1] Banjur taun 2003 dheweké miwiti karir dadi penyanyi.[1] Salah siji saka laguné kang judulé Just For Yesterday dadi soudtrack ana ing drama ALL IN kang dibintangi dening Lee Byung Hun lan Song Hye Kyo.[1] Laguné uga ana kang dadi hit manggon ing posisi paling nduwur tangga lagu Oricon, Say Goodbye.[1]
Dheweké uga tau dadi modhel kanggo toko bebas bea Lotte bareng Rain.[1] Banjur vakum kurang luwih 5 taun suwené.[1] Dheweké mulai aktif maneh nalika mainaké peran ing drama-drama Korea, kayata ing drama serial kaya ON AIR, THE SCAM, lan THE SLINGSHOT. [1]
Wara-wara babagan ninggal donyané aktor Korea Selatan, Park Yong Ha dadi berita heboh kanggo para penggemaré.[2] [2] Bintang film kang kondhang iki ditemokaké wis ora ana nyawané ing kamaré dhewe.[2] Ibu aktor/penyanyi iki kang nemukaké dheweké ninggal nggantung diri karo kabel elektrik.[2] Sadhurungé ninggal donya, ora ana tanda-tanda kang ngiringi Park mungkasi uripé.[2]
Bab lan Paragraf |
FILMOGRAFI [sunting]
Drama serial [sunting]
Serial drama kang tau dibintangi dening Park Yong Ha[1]:
- WHAT A TOUGH WOMAN (1997)
- MORE THAN LOVE
- SNOWFLAKES (2001, KBS)
- SOMUN (2001)
- SUNFLOWER (2000)
- WINTER SONATA (2002, KBS)
- LOVING YOU (2002)
- TOKYO WANKEI (2004)
- ON AIR (2008)
- THE SLINGSHOT (2009)
Film [sunting]
Film-film kang tau dibintangi dening Park Yong Ha[1]:
- IF IT SNOWS ON CHRISTMAS (1998)
- ALTHOUGH IT IS HATEFUL AGAIN 2002 (2002)
- THE SCAM (2009)
DISKOGRAFI [sunting]
Diskografi dening Park Yong Ha[1]:
- DEAR LOVE
- I LOVE YOU SO MUCH
- JUST FOR YESTERDAY
- PARK YONG HA I MISS YOU VERY MUCH