Paprangan Jaman Napoleon

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Peperangan Jaman Napoleon
Austerlitz-baron-Pascal.jpg

Peperangan Austerlitz
Tanggal 1803–1815
Lokasi Eropa, Samudra Atlantik, Segara Mediterania, Segara Lor, Rio de la Plata, Guyana Prancis, Hindhia Kulon, Samudra Hindia, Amérika Lor, Kaukasus Kidul

Paprangan Jaman Napoleon yaiku kumpulan paprangan kang kadadéyan sakwéné Napoleon Bonaparte mréntah Prancis taun 1799 nganti tahun 1815.[1] Perang iki kedadéyan (khususé) ing bawana Éropah, ananging uga ing pira-pira panggonan ing bawana liyané lan arupa terusan saka perang kang diakibataké déning Révolusi Prancis nalika tahun 1789.[1]

Perang iki nyebapaké perubahan gedhé marang sistem militèr ing Eropa utamané artileri lan organisasi militèr, lan uga nalika jaman iki pertama kaliné dianakaké wajib militèr sacara resmi sahingga jumlah tentara dadi akèh.[1]

Kakuwatan Prancis kanthi cepet ngrembaka, ngalahaké sebagiyan gedhé Eropa lan uga cepet ambruké sakwisé ngalami kekalahan saka Rusia nalika tahun 1812.[1] Sakwisé kekalahan iki Napoleon nyerah total, sahingga dinasti Bourbon balik kuwasa ing Prancis.[1] Sawentara iku wilayah kekaisaran Spanyol siji baka siji daérah jajahané mulai ucul akibat invasi Prancis, kang ngakibataké lemahé Spanyol sahingga nyebapaké anané révolusi ing Amerika Latin.[1]

Paprangan jaman Napoleon mandeg nalika dhéwéké ngalami kekalahan sajroné Peperangan Waterloo (18 Juni 1815) lan disepakatiné pakta Paris kang kapindo.[1] Pira-pira sumber sejarah (utamané ing Inggris) jenengi peperangan saka tahun 1792 nganti 1815 iki kanti jeneng Perang Prancis Raya (1792-1815), utawa minangka babak penutup saka Peperangan 200 tahun antarané Inggris lan Prancis kang dimulai awit tahun 1689 nganti tahun 1815.[1]

Révolusi Prancis ngancam kerajaan-kerajaan liya kang ana ing benua Eropa, lan dadi masalah kang luwih serius kanti dicekelé raja Louis XVI nalika tahun 1792 lan pelaksanaan ukuman mati tumprapé ing wulan Januari tahun 1793.[1] Usaha pertama kanggo ngremuk Republik Prancis iki dimulai nalika tahun 1792 nalika Austria, Kerajaan Sardinia, Kerajaan Napoli, Prusia, Spanyol, lan Kerajaan Britania Raya mbentuk koalisi pertama.[1] Kanti ditetepaké undhang-undhang Prancis kang anyar, kalebu wajib militèr sacara bebarengan (levée en masse), panganyaran sistem militèr, lan perang sacara total, mènèhi kontribusi kanggo kemenangan Prancis tumprap koalisi pertama.[1] Perang manedeg nalika Austria dituntut dening Napoleon nampa syarat-syarat sajroné perjanjèn Campo Formio.[1] Kerajaan Britania Raya dadi siji-sijiné kerajaan kang turah saka koalisi pertama kang merangi Prancis nganti tahun 1797.[1]

Koalisi kapindo dibentuk nalika tahun 1798, kang kasusun saka pira-pira kerajaan kayata: Austria, Britania Raya, Kerajaan Napoli, Kesultanan Utsmaniyah, Negara Kepausan, Portugal, lan Rusia.[1] Napoleon Bonaparte, sang arsitèk utama kemenangan Prancis nalika tahun disiké tumprap koalisi pertama, nglancaraké aksi militèr marang Mesir (pira-pira ilmuwan dipèèlokaké sajroné ekspedisi iki kalebu Jean Baptiste Joseph Fourier lan Jean-Francois Champollion).[1]

Napoleon balik menyang Prancis nalika tanggal 23 Agustus 1799.[1] Banjur dhéwéké jukuk kendali pemerintahan nalika tanggal 9 November 1799 sajroné salah sijiné kudeta kang dijenengi 18 Brumaire.[1] Napoleon nata manèh sistem militèr lan gawé pasukan cadangan kanggo ndukung aksi militèr ing sekitar Rhine lan Italia.[1] Ing sekabèhané pertempuran, Prancis luwih unggul.[1] Ing Italia, Napoleon menangaké peperangan karo Austria sajroné Peperangan Marengo nalika tahun 1800.[1] Ananging peperangan kang nemtokaké kadadéyan ing Rhein, wilayah Hohenlinden nalika tahun 1800.[1] Kanti kalahé Austria iki, kekuatan koalisi kapindo remuk.[1] Ananging Britania Raya tetep kuwat lan mènèhi pengaruh kang gedhé marang negara-negara liyané supaya isa ngalahaké Prancis.[1] Napoleon nyadari hal iki, tanpa kekalahan Inggris utawa perjanjèn damai karoé, mangka dhéwéké ora bakal pernah nggayuh perdamaian sacara utuh ing benua Eropa.[1]

Perang Inggris lan Prancis[sunting | sunting sumber]

Napoleon dienggoni mahkota (dilukis déning Jacques-Louis David)

Ora kaya anggota koalisi liyané, Inggris tetep perang sacara cilik-cilikan karo Prancis.[2] Kanthi perlindungan saka armada lauté kang kuwat banget (kaya kang diucapaké Admiral Jervis "aku ora njamin yèn Prancis ora bakal teka nyerang awaké dhéwé, ananging aku njamin yèn Prancis ora bakal teka lewat laut"), Inggris isa tetep nambah lan nganakaké perlawanan ing darat sacara global sakwéné luwih saka sak dékade.[2] Bala tentara Inggris uga bantu pemberontak ing Spanyol nglawan Prancis sajroné perang Peninsular nalika tahun 1808 nganti 1814.[2] Dilindungi déning kahanan alam kang nguntungaké, sarta dibantu kanthi obahé geréliyawan kang aktif banget, pasukan Anglo-Portugis iki kasil anggoné ngganggu pasukan Prancis sakwéné pirang-pirang tahun.[2] Puncaké nalika tahun 1815, tentara Inggris mainaké peran penting sajroné ngalahaké pasukan Napoleon nalika Peperangan waterloo.[2] Sakbenaré perjanjèn damai (Treaty of Amiens) antarané Inggris lan Prancis wis disepakati nalik tanggal 25 Maret 1802.[2] Ananging kaloro pihak ora pernah mituhoni.[2] Aksi militèr kaloro pihak mesthi ngrusak perjanjèn iki kayata Prancis melu andil sajroné kerusuhan sipil ing Swiss (Stecklikrieg) lan manggoni pira-pira kota ing Italia, sawentara Inggris manggoni Malta.[2] Napoleon uga ngupadaya mbalikaké hukum kolonial ing laut.[2] Nalika awal èkspedisi iki katoné suksès, ananging kanti cepet berubah dadi bebana.[2] Komandan Prancis, uga seduluré Napoleon lan mèh sebagiyan gedhé tentarané mati akibat wabah penyakit kuning, lan uga amerga serangan musuh.[2]

Ngluruk Rusia[sunting | sunting sumber]

Ing tahun 1808 Napoleon gawé kesalahan gedhé yaiku ngatutaké Prancis sajroné peperangan kang dawa lan ora nentu asal usulé ing Semenanjung Iberia, panggonan tentara Prancis nancep ora isa obah nganti tahuan.[3] Ananging kesalahan paling gedhé Napoleon yaiku serangané marang Rusia.[3] Ing tahun 1807 Napoleon ketemu karo Czar, lan sajroné Perjanjèn Tilsit dhéwèké sarujuk gawé paseduluran abadi.[3] Ananging, pasarujukan lan persekutuan iku suwi-suwi rusak lan ing tahun 1812 wulan Juni Napoleon mimpin tentara kanti jumlah gedhé ngluruk menyang Rusia.[3]

Rencana Napoleon anggoné ngluruk menyang Rusia wis dingertèni sakdurungé.[3] Tentara Rusia umumé mlayu saka peperangan langsung karo tentara Napoleon, amerga iku Napoleon isa maju kanti cepet.[3] Ing wulan September Napoleon nguwasani Moskow.[3] Ananing, sakdurungé wong-wong Rusia wis ngobong kota iku lan sebagiyan gedhé wis rata karo lemah.[3] Sakwisé nunggu limang minggu ing Moskow (kanti pengarep-arep Rusia bakal nawaraké perdamaian), Napoleon akhiré mutusaké mundur, ananging keputusan iki wis telat.[3] Gabungan antarané serangan tentara Rusia lan musim atis kang ngèdap-èdapi, gawé pasukan Prancis morat-marit.[3] Kurang saka sepuluh persèn tentara Prancis isa mentu saka Rusia kanti slamet.[3]

Negara-negara Eropa liyané, kayata Austria lan Prusia, sadar bener dhèwèké nduwé kesempatan emas kanggo ngalahaké Prancis.[3] Banjur dhèwèké nggabungaké sekabèhané kekuatan kanggo ngalahaké Napoleon, lan nalika wektu peperangan ing Leipzig wulan Oktober 1813, Napoleon kalah anggoné peperangan mau.[3] Tahun sebanjuré dhèwèké mandeg lan diguwak ing Pulo Elba, salah sijiné pulo cilik ing panté Italia.[3]

Peperangan Bordonio[sunting | sunting sumber]

Peperangan Bordonio

Peperangan Bordonio yaiku peperangan kang kedadéyan nalika tanggal 7 September 1812 ing Bordonio, Rusia.[4] Peperangan iki kedadéyan antaran pasukan Prancis kang dipimpin Napoleon I nglawan Rusia kang dipimpin Mikhail Kutuzov.[5] Peperangan iki dadi serangan pungkasan Napoleon ing Rusia lan peperangan paling gedhé nalika jaman iku, amerga korban saka kaloro pihak kurang luwih 75.000 nganti 90.000 jiwa.[4] Napoleon kasil nguwasai Moskow ananging Tsar Alexander I ora gelem diajak rembugan.[4] Sakwisé pira-pira minggu Napoleon lan pasukan mundur saka Moskow, ateges pungkasané saka invansi Prancis tumprap Rusia.[4]

Peperangan Waterloo[sunting | sunting sumber]

Peperangan Waterloo

Nalika tahun 1814, perang sakwéné 25 tahun akhiré rampung kanti nyerahé kaisar Napoleon lan diguwak ing pulo Elba Mediterania.[6] Kekuatan-kekuatan ing Eropa mulai fokus kanggo balikaké normalitas lan perdaméan.[6] Nalika 1 Maret 1815 Napoleon mlayu saka Pulo Elba lan teka marang Prancis.[6] Ing Paris, sanga welas dina sebanjuré dhèwèké ngéntukaké kedhudhukané yaiku minangka Kaisar.[6] Pasukané kang isih mituhu marang dhèwèké, lan napoleon mereformasi kekuatan perangé.[6]

Para tentara sekutu ing Eropa mulai ngumpul manèh lan siap siyaga kanggo nerusaké perang guna ngalahaké Napoleon (manèh).[6] Napoleon mutusaké kanggo cepet-cepet nyerang tentara Inggris, Prusia, Belgia lan Belanda sakdurungé kekuwatan teka kanggo bantu.[6]

Peperangan Waterloo kedadéyan nalika tanggal 18 Juni 1815 ing cepaké kota Waterloo sekitar 15 km saklor ibu kota Belgia, Brussels, arupa peprangan terakhir Napoleon.[6] Kekalahan sajroné perang iki dadi penutup sejarahé minangka Kaisar Prancis.[6] Peperangan iki uga dicathet sajroné sajarah minangka panutup saka satus dina awit mlayuné Napoleon saka Pulo Elba.[6] Kekalahan pasukan Prancis, kang dipimpinan Napoleon nglawan pasukan Inggris, Belanda lan Jerman kang dipimpin Jéndral Wellington lan sekutu Prusia kang dipimpin Feldmarschall Blücher, mungkasi kekuwasaan satus dina Napoleon lan dipèloni kanti akhiré saka Kekaisaran Prancis kang paling pertama nalika 22 Juni 1815.[6]

Cathetan Sikil[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x (id)Perang Napoleon, (Kaundhuh 28 Maret 2013).
  2. ^ a b c d e f g h i j k (id)Seratus Tokoh yang Paling Berpengaruh dalam Sejarah, (Kaundhuh 28 Maret 2013).
  3. ^ a b c d e f g h i j k l m n (id)Napoleon Bonaparte, (Kaundhuh 30 maret 2013).
  4. ^ a b c d (en)Napoleonic Wars: Battle of Borodino, (Kaundhuh 22 April 2013).
  5. ^ (en)Battle of Borodino, 1812, (Kaunduh 22 April 2013).
  6. ^ a b c d e f g h i j k (id)Pertempuran Waterloo, (Kaundhuh 29 Maret 2013).