Paprangan Actium
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Paprangan Actium | |||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|
| Bagéan saka Perang pungkasan Républik Romawi | |||||||
| The Battle of Actium, Lorenzo A. Castro, 1672. The Battle of Actium, Lorenzo A. Castro, 1672. |
|||||||
|
|||||||
| Pihak sing kalibat | |||||||
| Romawi pandhukung Octavianus | Mesir Ptolemy, Romawi pendukung Mark Antony |
||||||
| Komandhan | |||||||
| Marcus Vipsanius Agrippa | Mark Antony | ||||||
| Kakuwatan | |||||||
| 400 kapal perang, sabagéan gedhé kapal liburnian lan Hexeres kanthi 16.000 legiun lan 3.000 pamanah | 230 kapal perang, sabagéan gedhé kapal quinquereme lan sapérangan Deceres, 30/50 kapal transportasi lan 60 kapal Mesir. 2.000 pamanah lan 20.000 legiun. | ||||||
| Cacahé korban | |||||||
| ora dimangertèni | mèh kabèh armada Antony | ||||||
Paprangan Actium iku paprangan kang nemtokaké ing Perang sadulur Romawi antarané pihak Octavianus lan pihak Marc Antony kang sekuton kaliyan ratu Cleopatra VII saka dinasti Ptolemy Mesir. Peperangan iki dumadi tanggal 2 September 31 SM ing Segara Ionia cerak koloni Romawi ing Yunani, Actium. Armada Octavianus dipimpin déning Marcus Vipsanius Agrippa, lan armada Antony dipimpin dhéwé, dibantu pacangané Cleopatra. Ing peperangan iki armada Antony dileburaké, lan kamenangan Octavianus ngidinaké panjenengané ngonsolidasiaké kakuwasaané ing wilayah Romawi. Peperangan iki arupa salah siji prastawa kang nengeri pungkasaning Républik Romawi lan lairé Kakaisaran Romawi.