Pangéran Wales
Pangéran Wales (basa Inggris: Prince of Wales, basa Wales: Tywysog Cymru) arupi gelar ingkang dipunparingaken dhumateng pawaris tahta Britania Raya. Mila, panyandhang jabatan puniki biasanipun arupi putra pambajeng Raja utawi Ratu Britania. Wales arupi salah satunggil saking sekawan nagari panyusun Britania Raya.
Bab lan Paragraf |
Kalayakan[sunting]
Gelar Pangéran Wales boten dipunparingaken dhumateng pawaris tahta pawèstri (ingkang bakal dados Ratu). Puniki amargi pawèstri saged dipungantosaken menawi ibunipun (inggih punika Ratu ing wekdal puniku) mbabar satunggiling putra kakung.
Sajarah[sunting]
Sasampunipun wekdal Kakaisaran Romawi, Wales kapérang dados sapérangan dhaérah. Karajan Inggris wus nelukaken Wales ing taun 1066. Ing abad kaping 12 lan kaping 13, gelar "Pangéran Wales" (basa Latin: Princeps Wallie, basa Wales: Tywysog Cymru) dipunpigunakaken déning pamarèntah kawasan Wales ingkang dipuntelakaken déning Raja Inggris. Wonten sekawan Pangéran Wales ingkang arupi pamaréntah Wales, inggih punika:
- Llywelyn Agung (Llywelyn ingkang Agung)
- Dafydd ap Llywelyn
- Llywelyn Pungkasan (Llywelyn ingkang Pungkasan)
- Owain Glyndŵr
Ing taun 1301, Edward I saking Inggris wus maringaken gelar "Pangéran Wales" dhumateng pawarisipun, Pangéran Edward (ingkang minggah tahta minangka Edward II saking Inggris). Wiwit wekdal puniku, gelar "Pangéran Wales" wus dipunparingaken dhumateng putra pembajeng Raja utawi Ratu Inggris lan Britania Raya.
Daftar Pengéran Wales[sunting]
Pamaréntah Wales[sunting]
| Gambar | Nami | Pawaris | Miyos | Wiwit njabat | Paripurna anggènipun njabat | Tilar donya | Gelar sanès | Nami minangka Raja | Permaisuri |
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
| Llywelyn ab Iorwerth | N/A bapanipun inggih punika Iorwerth ab Owain Gwynedd |
c.1173 | 1218 | 11 April 1240 | Pangéran Gwynedd, Pangéran Southern Powys |
N/A | Joan | ||
| 70px | Dafydd ap Llywelyn | N/A bapanipun inggih punika Llywelyn ab Iorwerth |
±1208 | 11 April 1240 | 25 Februari 1246 | Pangéran Gwynedd, Pangéran Southern Powys |
N/A | Isabella de Braose | |
| 70px | Llywelyn ap Gruffydd | N/A bapanipun inggih punika Gruffydd ap Llywelyn |
±1223 | 25 Februari 1246 | 11 Desember 1282 gugur ing salebeting peperangan, Wales dipuntelukaken déning Inggris |
Pangéran Gwynedd | N/A | Eleanor de Montfort | |
Pawaris Tahta Inggris[sunting]
| Gambar | Nami | Pawaris | Miyos | Wiwit njabat | Paripurna anggènipun njabat | Tilar donya | Gelar sanès | Nami minangka Raja | Permaisuri |
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
| Edward saking Caernarfon | Edward I | 25 April 1284 | 7 Februari 1301 | 7 Juli 1307 Minggah tahta Inggris |
21 September 1327 | Pangéran Ponthieu, Pangéran Chester | Edward II | – | |
| Edward saking Woodstock, sang Pangéran Cemeng | Edward III | 5 Juni 1330 | 12 Mei 1343[1] | 8 Juni 1376 | Pangéran Chester, Adipati Cornwall | – | Joan saking Kent | ||
| Richard saking Bordeaux | Edward III | 6 Januari 1367 | 20 November 1376[1] | 22 Juni 1377 jumeneng nata |
14 Februari 1400 | Adipati Cornwall, Pangéran Chester | Richard II | – | |
| Henry saking Monmouth | Henry IV | 16 September 1387 | 15 Oktober 1399[1] | 21 Maret 1413 jumeneng nata |
31 Agustus 1422 | Adipati Lancaster, Adipati Cornwall, Pangéran Chester | Henry V | – | |
Owain Glyndŵr[sunting]
| Gambar | Nami | Pawaris | Miyos | Wiwit njabat | Paripurna anggènipun njabat | Tilar donya | Gelar sanès | Nami minangka Raja | Permaisuri |
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
| Owain Glyndŵr | N/A | 1359 | 16 September 1400 | ±1415 panelukkan |
±1416 | Tywysog dari Powys Fadog, Raja Glyndyfrdwy lan Cynllaith Owain | N/A | Margaret Hanmer |