Pangéran Shōtoku
Pangeran Shōtoku (聖徳太子 Shōtoku Taishi?) (lair 7 Februari 574 – tilar donya 8 April 622 kanthi yuswa 48 taun) yaiku jeneng kang diwenehake marang negarawan Jepang kang urip ana ing jaman Asuka, saka mangsa pamrentahan Kaisar Bidatsu nganti tekan Kaisar Suiko.[1] Jeneng asline yaiku Pangeran Umayado.[1] Bapake yaiku Kaisar Yōmei, dene ibune yaiku Putri Anahobe no Hashihito, anak wadon saka Kaisar Kimmei.[1] Ana ing Jōgū Shōtoku Hōō Teisetsu (biografi Pangeran Shōtoku) ditulis yen dheweke nduweni anak kang diwenehi jeneng Pangeran Yamashiro.[1] Jeneng saline yaiku Umayato (厩戸?).[2] Miturut legenda kang ana, dheweke lair ana ing ngarep lawang (to) kandang jaran (umaya).[2] Miturut kisah liyane, Umayato yaiku jeneng daerah papan laire.[2] Jeneng liyane kanggo Pangeran Shōtoku antarane yaiku Toyosatomimi (豊聡耳?) lan Kamitsumiya Ō (上宮王? Pangeran Kamitsumiya).[2] Ana ing Kojiki, jenenge ditulis dadi Kamitsumiya no Umayado no Toyosatomimi no Mikoto (上宮之厩戸豊聡耳命?).[2] Saliyane Pangeran Umayado, jenenge ana ing Nihon Shoki disebut dadi Toyomimisato Shōtoku (豊耳聡聖徳?), Toyosatomimi Hōdai Ō (豊聡耳法大王?), utawa Hōshu Ō (法主王?).[2] Pangeran Shōtoku yaiku jeneng kang diwenehake nalika ana ing jaman Heian.[2] Saiki saperangan buku babagan pelajaran sejarah ana ing Jepang luwih seneng nyebut dheweke dadi Pangeran Umayado.[2]
Pangeran Umayado lair nalika taun 574 saka ibu kang jenenge Putri Anahobe no Hashihito, lan bapak kang jenenge Tachibana no Toyohino Sumeramikoto (Kaisar Yōmei).[2] Hubungan darah Pangeran Umayado karo klan Soga raket banget.[2] Mbah wadon saka pihak bapake yaiku putri Soga no Iname kang jenenge Putri Kitashi.[2] Sawetara kuwi, mbah wadon saka pihak ibune yaiku adhi wadon saka Putri Kitashi kang jenenge Oane no Kimi.[2]
Pranala njaba [sunting]
- (en) Biografi Pangeran Shōtoku di situs web Universitas Shitennoji
- (en) Biografi Pangeran Shōtoku
- (ja) Situs resmi kuil Shitennō-ji