Pangéran Dipanegara

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
ꦣꦶꦦꦟꦼꦓꦫ
Dipanegara
Gambar Pangeran Dipanegara (1835)
Garwa Kedhaton
Ratnaningsih
Ratnaningrum
Isu
17 putra lan 5 putri
House Hamengkubuwana
Bapa Hamengkubuwana III
Ibu R.A. Mangkarawati
ing Flag of Indonesia.svg Makassar, Indonesia


Pangéran Dipanegara utawa ꦣꦶꦦꦟꦼꦓꦫ utawa ing basa Indonésia Pangeran Diponegoro (Yogyakarta, 11 November 1785 - Makassar, 8 Januari 1855) kuwi sawijining pahlawan nasional Republik Indonesia. Pasaréyané dumunung ana ing Ujung Pandang.

Asal-usul Dipanegara[sunting | sunting sumber]

Dipanegara kuwi putra pambarep Hamengkubuwana III, raja Mataram ing Yogyakarta. Lair tanggal 11 November 1785 ing Yogyakarta saka garwa ampil kang asmané R.A. Mangkarawati, yaiku garwa ampil kang asalé saka Pacitan. Pangeran Dipanegara duwé jeneng asli Raden Mas Ontowiryo.

Mangertèni kalungguhané minangka putra saka garwa ampil, Dipanegara nulak kersaning sang rama, Sultan Hamengkubuwana III kang arep ngangkat dadi raja. Panjenengané nulak amarga ibuné dudu garwa padmi. Panjenengané kagungan garwa telu yakuwi: Bendara Raden Ayu Antawirya, Raden Ayu Ratnaningsih, lan Raden Ayu Ratnaningrum.

Dipanegara luwih kepéncut marang babagan agama lan cedhak karo rakyat saéngga luwih seneng manggon ing Tegalrejo, dalemé éyang buyut putri, permaisuri saka HB I Ratu Ageng Tegalrejo tinimbang urip ana ing kraton. Pambrontakané marang kraton diwiwiti nalika kapemimpinan Hamengkubuwana V (1822) yakuwi nalika Dipanegara dadi salah siji anggota perwalian kang ndhampingi Hamengkubuwana V kang isih umur 3 taun, déné pamaréntahan sadina-dina dicekel déning Patih Danurejo bebarengan karo Residen Walanda. Cara perwalian kaya mangkono kuwi ora disarujuki déning Dipanegara.

Riwayat Perjuangan[sunting | sunting sumber]

Artikel utama: Perang Dipanegara

Perang Dipanegara miwiti nalika Walanda masang pathok ing tanah duwèké Dipanegara ing désa Tegalrejo. Wektu kuwi, pamjenengané pancèn wis eneg karo tumindaké Walanda kang ora ngregani adat istiadat lan ngèksploitasi rakyat kanthi pajak.

Sikap Dipanegara kang nentang Walanda sacara terang-terangan, olèh simpati lan dhukungan saka rakyat. Kanthi saran Pangeran Mangkubumi, pamané, Dipanegara nyingkir saka Tegalrejo, lan gawé markas ing sawijining guwa kang jenengé Guwa Selarong. Wektu kuwi, Dipanegara nyatakaké yèn perlawanané kuwi minangka perang sabil, perlawanan ngadhepi kaum kafir. Semangat "perang sabil" kang dikobaraké déning Dipanegara nggawa pengaruh nganti tekan wilayah Pacitan lan Kedu. Salah sawijining tokoh agama ing Surakarta, yakuwi Kyai Maja, mèlu nggabung karo pasukan Dipanegara ing Goa Selarong.

Sajroning perang iki karugên pihak Walanda ora kurang saka 15.000 tentara lan 20 yuta gulden.

Manéka cara terus diupayakaké déning Walanda kanggo nyekel Dipanegara. Malah nganggo sayembara barang. Bebungah 50.000 Gulden diwènèhaké kanggo sapa waé kang bisa nangkep Dipanegara. Nganti pungkasané Dipanegara dijebak lan dicekel ing taun 1830.

Penangkapan lan pengasingan[sunting | sunting sumber]

  • 16 Februari 1830 Pangeran Dipanegara lan Kolonel Cleerens ketemu ing Remo Kamal, Bagelen, Purworejo. Cleerens ngusulaké supaya Kanjeng Pangeran lan pendhèrèk lèrèn dhisik ing Menoreh sinambi nunggu karawuhané Letnan Gubernur Jenderal Markus de Kock saka Batavia.
Lukisan Prastawa Penangkapan Pangeran Dipanegara déning VOC
  • 28 Maret 1830 Dipanegara nemoni Jenderal de Kock ing Magelang. De Kock meksa nganakaké perundingan lan ndesek Dipanegara supaya ngendhekaké perang. Panjaluk iki ditulak déning Dipanegara. Nanging Waelanda wis nyepakaké panyergapan kanthi tliti. Dina kuwi uga Dipanegara ditangkep lan diasingaké menyang Ungaran, banjur digawa menyang Gedhung Karesidenan Semarang, lan langsung menyang Batavia migunakaké kapal Pollux ing tanggal 5 April.
  • 30 April 1830 kaputusan wis metu. Pangeran Dipanegara, Raden Ayu Retnaningsih, Tumenggung Diposono lan garwa, sarta para pedhèrk liyané kaya Mertoleksono, Banteng Wereng, lan Nyai Sotaruno bakal dibuwang menyang Manado.
  • 8 Januari 1855 Dipanegara wafat lan disarèkaké ing kampung Jawa, Makassar.[1]

Jroning perjuangan, Pangeran Dipanegara dibantu déning puterané kang asma Bagus Singlon utawa Ki Sodewo. Ki Sodewo ngayahi paperangan ing wilayah Kulon Progo lan Bagelen.

Ki Sodewo duwé ibu kang asmané Citrowati, kang séda ing sajroning serangan Walanda. Ki Sodewo cilik utawa Bagus Singlon tuwuh diwasa jroning asuhan Ki Tembi, kapercayaan Pangeran Dipanegara. Bagus Singlon utawa Raden Mas Singlon utawa Ki Sodewo sawisé remaja banjur nyusul bapaké ing medan pertempuran. Saora-orané Pangeran Dipanegara duwé 17 putra lan 5 putri, kang kabèh saiki nyebar ing saindhenging Indonésia, kalebu ing Jawa, Sulawesi lan Maluku.

Referensi[sunting | sunting sumber]

  1. ^ Makam Pangeran Dipanegara ing Makassar.

Wacan[sunting | sunting sumber]

  • Sejarah Perjuangan Pangeran Dipanegara, déning Dr.Purwadi.M.Hum lan Megandaru W.Kawuryan.S.IP., Penerbit Tunas Harapan Yogyakarta, Cithakan I taun 2005,ISBN 979-1117-85-3

Delengen uga[sunting | sunting sumber]

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]