Pandan

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Pandan

Pandhan kang paling akèh urip ing pantai kuwi jinis Pandanus tectorius [1]. (tector kuwi duwéni arti tutup, lan tectorius kuwi duwéni arti kanggo dienggo minangka pungkasan/atap)[1]. Saka familia Pandanaceae, spesies kang duwéni variétas kan akèh banget [1]. Variétas kang urip liar ing pantai, segara, biasané kang duwéni oyot tunjang [1]. Oyoté kuwi urip kanthi lurus ngelilingi pangkal bonggolé, saénggo bentuké kerucut [1]. Kahanan kang kaya mangkono kuwi, mènèhi kesan, kang saumpamané wit pandan kuwi kabéh terangkat karo oyot-oyoté kang tunjang kuwi [1].

Nama Umum[sunting | sunting sumber]

  1. Indonesia: Pandhan Wangi, Godhong pandhan [2]
  2. Inggris  : Fragrant pandan [2].
  3. Melayu  : Pandan rampeh [2].
  4. Vietnam  : Dúa thom [2].
  5. Thailand : Cây cõm nếp, Bai toey, Bai toey hom [2].
  6. Pilipina : Pandan, Pandan mabango [2].
  7. Cina  : Bān lán (Mandarin) [2].
  8. Jepang  : Nioi tako no ki [2].

Klasifikasi[sunting | sunting sumber]

  1. Kingdom  : Plantae (Tumbuhan)[2].
  2. Subkingdom  : Tracheobionta (Tumbuhan berpembuluh)[2].
  3. Super Divisi: Spermatophyta (Menghasilkan biji)[2].
  4. Divisi  : Magnoliophyta (Tumbuhan berbunga)[2].
  5. Kelas  : Liliopsida (berkeping satu / monokotil)[2].
  6. Sub Kelas  : Arecidae [2].
  7. Ordo  : Pandanales [2].
  8. Famili  : Pandanaceae [2].
  9. Genus  : Pandanus [2].
  10. Spesies  : Pandanus amaryllifolius Roxb [2].

Kerabaté[sunting | sunting sumber]

Paédah[sunting | sunting sumber]

Pandhan kuwi paling akèh urip ing dhaèrah Jawa, mbentuk alas kang sungker dijelajahi marang wong akèh, amarga uripé kang lebat kuwi [1]. Godhongé kang dawa-dawa kuwi ana ri/duri né [1]. Ananging, godhong pandhan kuwi akèh paédahé, kayata :

1. Kanggo gawé anyaman [1]

Tanduran Pandan

2. Wohé Pandhan [1] Wohé Woh majemuk lan wanguné bal/bal dawa [1]. Yèn wis mateng, kuwi wernané kuning semu abang jingga [1]. Dadi yèn wis mateng, bisa dipangan [1]. Tanduran kuwi kagolong kelompok Halophyt Basa Yunaniné (hals kuwi uyah, phyt kuwi saka tembung phuton yaiku tanduran)[1]. Dadi tanduran kuwi seneng utawa tanduran kang urip ing kahanan kang kadar uyahé ing lemah kuwi rada dhuwur [1].

3. Bisa kanggo bahan campuran [3] Pandhan uga bisa kanggo bahan campuran bubur, kayata bubur kacang ijo, bubur ketan ireng, bubur pathi, bubur blowok.[3] Bubur kang dicampur godhong pandan rasané luwih énak lan ambuné luwih sedhep [3]. Pandhan biasané uga dadi rasa sirup, tuladhané sirup coco pandan utawa sirup rasa klapa lan pandan [4]

4. Pandhan bisa kanggo masakan lan nggawé jajanan [4]. Jajanan kang nganggo campuran godhong pandhan biasané jajanan kang legi.[4] Godhong pandhan gunané supaya jajanan duwéni ganda wangi lan sedhep ambuné.[4] Tuladhané pudhing pandan, cake pandhan, bolu pandhan, kolak, buko pandhan, surabi pandhan, sifon pandhan.[4]

Kandhutan[sunting | sunting sumber]

Kandhutan bahan Kimia [5]:

  • Alkaloida [5].
  • Saponin [5].
  • Flavonoida [5].
  • Baris isi [5].
  • Tanin [5].
  • Polifenol [5], lan
  • Zat warna [5].

Godhong pandhan[sunting | sunting sumber]

Godhong pandhan biyasané kanggo masak. Godhong pandhan nduwéni wangi kang khas, apa maneh nalika dianggo nggawé jajanan lan ombénan.[2] Jaman mbiyèn pandhan kerep kanggo njaga kaséhatan.[2]

Khasiat[sunting | sunting sumber]

Pandhan ngandhut zat kimia kang migunani kanggo awak, tuladhané alkaloid, saponin, flavoida, tanin lan polifénol. [3]Godhong pandhan uga bisa dadi obat penyakit.[3]

Asil Olahan[sunting | sunting sumber]

Pandhan bisa kanggo campuran masakan lan nggawé jajanan. [4]Jajanan kang nganggo campuran godhong pandan biyasané jajanan kang legi.[4] Godhong pandhan gunané supaya jajanan nduwéni ganda wangi lan sedhep ambuné.[4] Tuladhané pudhing pandhan, cake pandhan, bolu pandhan, kolak, buko pandhan, surabi pandhan, sifon pandhan.[4]

Saliyané iku godhong pandhan uga bisa digawé kerajinan tangan.[4] Godhong pandhan dipépé nganti garing.[4] Yen wis garing utawa lemes godhong pandhan banjur dianyam.[4] Godhong pandhan dianyam banjur bisa digawé tas, klasa utawa tiker, caping utawa topi.[4] Nggawé kerajinan saka godhong pandhan kudu kreatif supaya bisa ngasilaké barang kang modél lan wernané apik.[4]

Supaya asilé luwih apik, godhong pandhan uga bisa diwernani supaya katon luwih apik lan variasi wenané.[4]

Klasa pandhan uga bisa digawe tas lan bisa divariasi modél lan wernané.[5]Tas pandan iki payu didol nganti tekan butik hotél ing Amérika Serikat.[5] Variasi wernané biyasané nganggo pewarna alami kayata godhong suji lan sumba.[5] Godhong pandhan uga bisa digawé tas laptop, tas kerja, dompét, wadah ''tissue'', nganti clutch kanggo pésta.[5]

Pandhan uga bisa kanggo bahan campuran bubur, kayata bubur kacang ijo, bubur ketan ireng, bubur pathi, bubur blowok.[6] Bubur kang dicampur godhong pandan rasané luwih énak lan ambuné luwih sedhep.[6]

Pandhan biyasané uga dadi rasa sirup, tuladhané sirup coco pandan utawa sirup rasa klapa lan pandan.[4]

Cara Nganggo[sunting | sunting sumber]

Godhong pandhan seger kang cacahé 2 - 5 lembar diiris-iris sacukupé banjur digodhog utawa diseduh, diombé [5]. Utawa godhongé ditumbuk/didheplok banjur diperes lan diombé [5]. Panggunakané ing jaba, godhong dikumbah resik banjur digiling alus [5]. Turapaké ing tatu utawa kulit sirah kang ana ketombené [5].

Tuladhané Nganggo[sunting | sunting sumber]

1. Lemah saraf [5] Godhong pandhan seger cacahé 3 lembar dikumbah banjur dikethok cilik-cilik [5]. Godhog kanthi 3 gelas banyu resik nganti sisa 2 gelas [5]. Bar kuwi adhem, disaring banjur diombé saben èsuk lan soré, saben 1 gelas [5].

2. Rematik lan pegel linu [5] a. Godhong pandhan seger cacahé 3 lembar dikumbah resik banjur diiris tipis-tipis [5]. Seduh kanthi 1/2 cangkir minyak klapa kang wis dipanasaké sinambi diaduk rata [5]. Sawisé adhem, siap digunakaké kanggo nggosok bagian awak kang krasa lara [5]. b. Godhong pandhan seger cacahé 5 lembar lan godhong serai 20 lembar, dikumbah banjur digecek/ditumbuk kanthi alus [5]. Tambahna minyak kayu putih lan minyak gandapura saben 1 sendok makan [5]. Aduk sinambi diremes kanthi rata. Ramuan kuwi digunakaké kanggo nggosok lan ngurut bagian awak kang krasa lara [5].

3. Gelisah Godhong pandhan seger cacahé 2 lembar dikumbah banjur diiris tipis-tipis [5]. Seduh karo sagelas banyu panas [5]. Sawisé adhem, disaring, langsung diombé [5]. Lakoni kaping 2 - 3 sedina, kanthi tenang [5].

4. Rambut rontok 10 lembar godhong waru kang nom (isih seger), sagenggem godhong urang-aring, 5 lembar godhong mangkokan, 1 lembar godhong pandhan, 10 kuncup kembang melati, lan 1 kuncup kembang mawar, banjur dikumbah kanthi resik, banjur dikethok-kethok sacukupé [5]. Bahan-bahan kuwi dilebokaké ing sajroné panci email, banjur tambahaké minyak wijen, minyak kelapa lan minyak kemiri (saben-saben 1/2 cangkir) [5]. Panasaké kanthi umup, sabanjuré kuwi, junjung [5]. Sawisé adhem terus disaring, siap kanggo digunakaké [5]. Carané, olesaké campuran minyak mau ing sakabéhé kulit sirah sinambi dipijet ènthèng [5]. Lakoni saben bengi sadurungé turu, esuké rambut kuwi dikeramasi [5]. Lakoni kaping 2 - 3 kali seminggu [5].

5. Ngirengaké rambut Godhong pandhan wangi sakira-kirané 7 lembar dikumbah banjur dikethok-kethok [5]. Godhog karo 1 liter banyu kanthi warnané dadi ijo [5]. Embunaké banyu godhogan mau sawengi [5]. Esuké, campuraké godhogan banyu pandan mau karo banyu perasan 3 woh mengkudu mateng [5]. Banyu campuran mau banjur digunakaké kanggo ngumbah rambut [5]. Lakoni kaping 3 saminggu, kanthi katon kasilé [5].

6. Ketombe Godhong pandhan seger saora-orané 7 lembar dikumbah kanthi resik banjur digiling kanthi alus [5]. Tambahaké 1/2 cangkir banyu resik sinambi diremes rata [5]. Peres lan saring. Banyu peresan godhong pandan kuwi banjur diolesaké ing sakojuré kulit sirah kang ana ketombéné [5]. Umbaraké kanthi garing, yèn perlu olesan dibalèni manèh [5]. Sakira-kira 1/2 - 1 jam manèh, rambut mau dibilas karo banyu resik [5]. Lakoni saben dinané kanthi mari [5].


Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s (id)Drs. Soegianto. 1986. Kenalilah Flora Pantai Kita. Decenta Bandung:Fa. Widjaya hal : 32
  2. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa (id) [1] (diundhuh tanggal 22 Mei 2011)
  3. ^ a b c d e f g h i j k l (id)http://resepmasakanindonesia.info(diundhuh tanggal 22 Mei 2011)
  4. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p (id)http://www.kerajinan-tangan.com/(diundhuh tanggal 22 Mei 2011)
  5. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag ah ai aj ak al am an ao ap aq ar as at au av aw ax (id) [2] (diundhuh tanggal 22 Mei 2011)
  6. ^ a b (id)http://resepmasakanindonesia.info(dipunundhuh tanggal 9 Mei 2011)

[[Kategori

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Pandan&oldid=830211"