Pamilihan umum legislatif Indonesia 2004
Pemilu legislatif Indonesia 2004 yakuwi tahap pisanan saka rangkéan tahapan Pemilu 2004. Pemilu legislatif iki diiloni déning 24 partai pulitik, lan wis dileksanakaké tanggal 5 April 2004. Pemilu iki kanggo milih partai pulitik (minangka syarat Pemilu presidhèn) lan anggotané kanggo dicalonaké dadi anggota DPR, DPRD, lan DPD. Partai-partai pulitik sing olèh swara luwih gedhé utawa padha karo telung persèn bisa nyalonaké pasangan calon kanggo maju menyang tahap sabanjuré, yaiku jroning Pemilu presidhèn putaran pisanan.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Peserta Pemilu Legislatif 2004
Pemilu legislatif jroning Pemilu 2004 iki diiloni 24 partai pulitik, yaiku:
- Partai Nasional Indonesia Marhaenisme,
- Partai Buruh Sosial Demokrat,
- Partai Bulan Bintang,
- Partai Merdeka,
- Partai Persatuan Pembangunan,
- Partai Persatuan Demokrasi Kebangsaan,
- Partai Perhimpunan Indonesia Baru,
- Partai Nasional Banteng Kemerdekaan,
- Partai Demokrat,
- Partai Keadilan lan Persatuan Indonesia,
- Partai Penegak Demokrasi Indonesia,
- Partai Persatuan Nahdlatul Ummah Indonesia,
- Partai Amanat Nasional,
- Partai Karya Peduli Bangsa,
- Partai Kebangkitan Bangsa,
- Partai Keadilan Sejahtera,
- Partai Bintang Reformasi,
- Partai Demokrasi Indonesia Perjuangan,
- Partai Damai Sejahtera,
- Partai Golongan Karya,
- Partai Patriot Pancasila,
- Partai Sarikat Indonesia,
- Partai Persatuan Daerah,
- Partai Pelopor.
[sunting] Asil Pemilu Legislatif 2004
Kasil Pemilu legislatif jroning Pemilu 2004 yakuwi: [1]
Tabel kasil perolehan swara saben partai pulitik:
| Nomer Urut | Jeneng Partai Pulitik | Gunggung Swara | Persèn | Gunggung Kursi |
|---|---|---|---|---|
| 1. | PNI Marhaenisme | 923.159 | 0,81% | 1 |
| 2. | Partai Buruh Sosial Demokrat | 636.397 | 0,56% | 0 |
| 3. | Partai Bulan Bintang | 2.970.487 | 2,62% | 11 |
| 4. | Partai Merdeka | 842.541 | 0,74% | 0 |
| 5. | Partai Persatuan Pembangunan | 9.248.764 | 8,15% | 58 |
| 6. | Partai Persatuan Demokrasi Kebangsaan | 1.313.654 | 1,16% | 5 |
| 7. | Partai Perhimpunan Indonesia Baru | 672.952 | 0,59% | 0 |
| 8. | Partai Nasional Banteng Kemerdekaan | 1.230.455 | 1,08% | 1 |
| 9. | Partai Demokrat | 8.455.225 | 7,45% | 57 |
| 10. | Partai Keadilan dan Persatuan Indonesia | 1.424.240 | 1,26% | 1 |
| 11. | Partai Penegak Demokrasi Indonesia | 855.811 | 0,75% | 1 |
| 12. | Partai Persatuan Nahdlatul Ummah Indonesia | 895.610 | 0,79% | 0 |
| 13. | Partai Amanat Nasional | 7.303.324 | 6,44% | 52 |
| 14. | Partai Karya Peduli Bangsa | 2.399.290 | 2,11% | 2 |
| 15. | Partai Kebangkitan Bangsa (*) | 11.989.564 | 10,57% | 52 |
| 16. | Partai Keadilan Sejahtera | 8.325.020 | 7,34% | 45 |
| 17. | Partai Bintang Reformasi | 2.764.998 | 2,44% | 13 |
| 18. | Partai Demokrasi Indonesia Perjuangan | 21.026.629 | 18,53% | 109 |
| 19. | Partai Damai Sejahtera | 2.414.254 | 2,13% | 12 |
| 20. | Partai Golongan Karya | 24.480.757 | 21,58% | 128 |
| 21. | Partai Patriot Pancasila | 1.073.139 | 0,95% | 0 |
| 22. | Partai Sarikat Indonesia | 679.296 | 0,60% | 0 |
| 23. | Partai Persatuan Daerah | 657.916 | 0,58% | 0 |
| 24. | Partai Pelopor | 878.932 | 0,77% | 2 |
| JUMLAH SWARA SAH |
113.462.414 | 100,00% | 550 |
Perbandingan gunggung pamilih sing swarané sah karo gunggung pamilih sing swarané ora sah:
| Pamilih | Jumlah | Persentase |
|---|---|---|
| Swara Sah | 113.462.414 | 91,19% |
| Swara Ora Sah | 10.957.925 | 8,81% |
| TOTAL PAMILIH |
124.420.339 | 100,00% |
Perbandingan gunggung pamilih (klebu swara ora sah) karo gunggung wong sing ora migunakaké hak pilihé (golput):
| Jinis | Gunggung | Persèntase |
|---|---|---|
| Milih | 124.420.339 | 84,07% |
| Golput | 23.580.030 | 15,93% |
| GRAND TOTAL |
148.000.369 | 100,00% |
Saka kasil Pemilu legislatif ing dhuwur, bisa dititèni akèhé gunggung swara sing ora sah, yaiku 10 yuta swara (8,81%) saka total gunggung pamilih, yaiku 124.420.339 jiwa.
Saliyané kuwi, bisa dititèni uga akèhé calon pemilih sing ora migunakaké hak pilih (golput), yaiku 24 yuta calon pemilih (15,93%) saka total gunggung calon pemilih, yaiku 148 yuta pedunung. [2]
CATHETAN:
- Partai sing 'dikandelaké yakuwi partai sing nyalonaké pasangan calon presidhèn lan calon wakil presidhèn jroning pemilu presidhèn 2004.
- (*) Partai Kebangkitan Bangsa nyalonaké pasangan calon kanggo maju menyang pemilu presidhèn, yaiku KH. Abdurrahman Wahid lan Marwah Daud Ibrahim. Nanging,amarga kasil pamriksaan kaséhatan déning IDI (sing dadi sarat sing kudu dipenuhi) nyatakaké yèn calon presidhèn Partai Kebangkitan Bangsa yaiku KH. Abdurrahman Wahid dianggep ora memenuhi sarat kamampuan jasmani lan rohani, Partai Kebangkitan Bangsa ora bisa nyalonaké pasangan caloné. Nampa kaputusan kasebut, Abdurrahman Wahid mutusaké nggugat IDI lan KPU gedhéné sak triliun rupiah amarga KPU dianggep wis ngrampas haké kanggo dipilih jroning pancalonan minangka Presidhèn RI jroning Pemilu 5 Juli sing bakal teka. [3]
[sunting] Pamilihan Umum Anggota DPD
Pamilihan Umum Anggota DPD dilaksanakaké kanthi sistem distrik mawa wakil akèh, lan peserta pemilu perseorangan. Gunggung kursi anggota DPD kanggo saben provinsi ditetepaké ana 4 kursi, kanthi daerah pamilihan yakuwi provinsi.
[sunting] Pranala jaba
- Komisi Pemilihan Umum (situs web resmi)
- Panitia Pengawasan Pemilihan Umum (situs web resmi)
- Pemilu Indonesia
|
|||||||||||