Pamilihan Umum Indonésia 1955
Pamilihan Umum Indonesia 1955 kuwi pamilihan umum pisanan ing Indonesia lan dianakaké taun 1955. Pemilu iki kerep disebut minangka pemilu Indonesia sing paling dhémokratis.
Pemilu taun 1955 iki dilaksanakaké wektu kahanan kaamanan negara isih kurang kondusif; sawetara dhaérah isih dirundung kakacauan déning DI/TII (Darul Islam/Tentara Islam Indonesia) khususé pimpinan Kartosuwiryo. jroning kahanan kaya mangkono mau, anggota militèr (angkatan bersenjata) lan pulisi uga mèlu milih. Anggota militèr lan pulisi sing tugas ing dhaérah rawan digilir teka menyang papan pamilihan. Pemilu pungkasané lumaku kanthi aman.
Pemilu iki diangkah kanggo milih anggota-anggota DPR lan Konstituante. Gunggung kursi DPR sing diparebutaké ana 260, déné kursi Konstituante cacahé 520 (kaping pindhoné kursi DPR) ditambah 14 wakil golongan minoritas sing diangkat pamaréntah.
Pemilu iki disiapaké déning pamaréntahan Perdhana Mentri Ali Sastroamidjojo. Nanging, Ali Sastroamidjojo mundur lan wektu pamungutan swara, kepala pamaréntahan wis dicekel déning Perdnana Mentri Burhanuddin Harahap.
Bab lan Paragraf |
Babakan [sunting]
Miturut jadwal, Pemilu 1955 dipérang dadi rong babak, yakuwi:
- Babak pisanan kanggo milih anggota DPR. Babak iki dilleksanakaké tanggal 29 September 1955, lan diiloni 29 partai pulitik lan individu,
- Babak kapindho arupa Pemilu kanggo milih anggota Konstituante. Babak iki diselenggarakaké tanggal 15 Desember 1955.
Kasil [sunting]
Lima partai gedhé jroning Pemilu 1955 yakuwi Partai Nasional Indonesia éntuk 57 kursi DPR lan 119 kursi Konstituante (22,3 persen), Masyumi 57 kursi DPR lan 112 kursi Konstituante (20,9 persen), Nahdlatul Ulama 45 kursi DPR lan 91 kursi Konstituante (18,4 persen), Partai Komunis Indonesia 39 kursi DPR lan 80 kursi Konstituante (16,4 persen), lan Partai Syarikat Islam Indonesia (2,89 persen).
Partai-partai liyané, éntuk kursi sangisoré 10. Kayadéné PSII (8), Parkindo (8), Partai Katolik (6), Partai Sosialis Indonesia (5). Rong partai éntuk 4 kursi (IPKI lan Perti). Enem partai éntuk 2 kursi (PRN, Partai Buruh, GPPS, PRI, PPPRI, lan Partai Murba). Sisané, 12 partai, éntuk 1 kursi (Baperki, PIR Wongsonegoro, PIR Hazairin, Gerina, Permai, Partai Persatuan Dayak, PPTI, AKUI, PRD, ACOMA lan R. Soedjono Prawirosoedarso).
Tabel Jangkep [sunting]
- Pamilihan DPR
| No. | Partai/Nama Daftar | Suara | % | Kursi |
|---|---|---|---|---|
| 1. | Partai Nasional Indonesia (PNI) | 8.434.653 | 22,32 | 57 |
| 2. | Masyumi | 7.903.886 | 20,92 | 57 |
| 3. | Nahdlatul Ulama (NU) | 6.955.141 | 18,41 | 45 |
| 4. | Partai Komunis Indonesia (PKI) | 6.179.914 | 16,36 | 39 |
| 5. | Partai Syarikat Islam Indonesia (PSII) | 1.091.160 | 2,89 | 8 |
| 6. | Partai Kristen Indonesia (Parkindo) | 1.003.326 | 2,66 | 8 |
| 7. | Partai Katolik | 770.740 | 2,04 | 6 |
| 8. | Partai Sosialis Indonesia (PSI) | 753.191 | 1,99 | 5 |
| 9. | Ikatan Pendukung Kemerdekaan Indonesia (IPKI) | 541.306 | 1,43 | 4 |
| 10. | Pergerakan Tarbiyah Islamiyah (Perti) | 483.014 | 1,28 | 4 |
| 11. | Partai Rakyat Nasional (PRN) | 242.125 | 0,64 | 2 |
| 12. | Partai Buruh | 224.167 | 0,59 | 2 |
| 13. | Gerakan Pembela Panca Sila (GPPS) | 219.985 | 0,58 | 2 |
| 14. | Partai Rakyat Indonesia (PRI) | 206.161 | 0,55 | 2 |
| 15. | Persatuan Pegawai Polisi RI (P3RI) | 200.419 | 0,53 | 2 |
| 16. | Murba | 199.588 | 0,53 | 2 |
| 17. | Baperki | 178.887 | 0,47 | 1 |
| 18. | Persatuan Indoenesia Raya (PIR) Wongsonegoro | 178.481 | 0,47 | 1 |
| 19. | Grinda | 154.792 | 0,41 | 1 |
| 20. | Persatuan Rakyat Marhaen Indonesia (Permai) | 149.287 | 0,40 | 1 |
| 21. | Persatuan Daya (PD) | 146.054 | 0,39 | 1 |
| 22. | PIR Hazairin | 114.644 | 0,30 | 1 |
| 23. | Partai Politik Tarikat Islam (PPTI) | 85.131 | 0,22 | 1 |
| 24. | AKUI | 81.454 | 0,21 | 1 |
| 25. | Persatuan Rakyat Desa (PRD) | 77.919 | 0,21 | 1 |
| 26. | Partai Republik Indonesis Merdeka (PRIM) | 72.523 | 0,19 | 1 |
| 27. | Angkatan Comunis Muda (Acoma) | 64.514 | 0,17 | 1 |
| 28. | R.Soedjono Prawirisoedarso | 53.306 | 0,14 | 1 |
| 29. | Lain-lain | 1.022.433 | 2,71 | - |
| Jumlah | 37.785.299 | 100,00 | 257 | |
- Pamilihan Konstituante
| No. | Partai/Nama Daftar | Suara | % | Kursi |
|---|---|---|---|---|
| 1. | Partai Nasional Indonesia (PNI) | 9.070.218 | 23,97 | 119 |
| 2. | Masyumi | 7.789.619 | 20,59 | 112 |
| 3. | Nahdlatul Ulama (NU) | 6.989.333 | 18,47 | 91 |
| 4. | Partai Komunis Indonesia (PKI) | 6.232.512 | 16,47 | 80 |
| 5. | Partai Syarikat Islam Indonesia (PSII) | 1.059.922 | 2,80 | 16 |
| 6. | Partai Kristen Indonesia (Parkindo) | 988.810 | 2,61 | 16 |
| 7. | Partai Katolik | 748.591 | 1,99 | 10 |
| 8. | Partai Sosialis Indonesia (PSI) | 695.932 | 1,84 | 10 |
| 9. | Ikatan Pendukung Kemerdekaan Indonesia (IPKI) | 544.803 | 1,44 | 8 |
| 10. | Pergerakan Tarbiyah Islamiyah (Perti) | 465.359 | 1,23 | 7 |
| 11. | Partai Rakyat Nasional (PRN) | 220.652 | 0,58 | 3 |
| 12. | Partai Buruh | 332.047 | 0,88 | 5 |
| 13. | Gerakan Pembela Panca Sila (GPPS) | 152.892 | 0,40 | 2 |
| 14. | Partai Rakyat Indonesia (PRI) | 134.011 | 0,35 | 2 |
| 15. | Persatuan Pegawai Polisi RI (P3RI) | 179.346 | 0,47 | 3 |
| 16. | Murba | 248.633 | 0,66 | 4 |
| 17. | Baperki | 160.456 | 0,42 | 2 |
| 18. | Persatuan Indoenesia Raya (PIR) Wongsonegoro | 162.420 | 0,43 | 2 |
| 19. | Grinda | 157.976 | 0,42 | 2 |
| 20. | Persatuan Rakyat Marhaen Indonesia (Permai) | 164.386 | 0,43 | 2 |
| 21. | Persatuan Daya (PD) | 169.222 | 0,45 | 3 |
| 22. | PIR Hazairin | 101.509 | 0,27 | 2 |
| 23. | Partai Politik Tarikat Islam (PPTI) | 74.913 | 0,20 | 1 |
| 24. | AKUI | 84.862 | 0,22 | 1 |
| 25. | Persatuan Rakyat Desa (PRD) | 39.278 | 0,10 | 1 |
| 26. | Partai Republik Indonesis Merdeka (PRIM) | 143.907 | 0,38 | 2 |
| 27. | Angkatan Comunis Muda (Acoma) | 55.844 | 0,15 | 1 |
| 28. | R.Soedjono Prawirisoedarso | 38.356 | 0,10 | 1 |
| 29. | Gerakan Pilihan Sunda | 35.035 | 0,09 | 1 |
| 30. | Partai Tani Indonesia | 30.060 | 0,08 | 1 |
| 31. | Radja Keprabonan | 33.660 | 0,09 | 1 |
| 32. | Gerakan Banteng Republik Indonesis (GBRI) | 39.874 | 0,11 | |
| 33. | PIR NTB | 33.823 | 0,09 | 1 |
| 34. | L.M.Idrus Effendi | 31.988 | 0,08 | 1 |
| 35. | Lain-lain | 426.856 | 1,13 | |
| Jumlah | 37.837.105 | 514 | ||
Dekrit Presidhèn [sunting]
Pemilu 1955 ora diterusaké miturut jadwal limang taun sabanjuré,yakuwi taun 1960. Bab iki amarga tanggal 5 Juli 1959, diwetokaké Dekrit Presidhèn sing mbubaraké Konstituante lan pranyatan bali menyang UUD 1945.
Sabanjuré, tanggal 4 Juni 1960, Soekarno mbubaraké DPR kasil Pemilu 1955, sawisé sadurungé dewan legislatif iku nulak RAPBN sing diajokaké pamaréntah. Presidhèn Soekarno sacara sapihak liwat Dekrit 5 Juli 1959 nggawé DPR-Gotong Royong (DPR-GR) lan MPR Sauntara (MPRS) sing kabèh anggotané diangkat déning presiden.
Sumber lan wacan [sunting]
- (id) Pemilu 1955, KPU, diakses 29 September 2005
- (id) "Pelajaran Pemilu 1955", PPIUK, diakses 29 September 2005
- (id) "Seandainya Sistem Distrik Berlaku pada Pemilu 1955", KOMPAS, 15 Juni 1998
- (id) "Sidang Pertama DPR Hasil Pemilu 1955 Berlangsung Tanggal 26 Maret 1956", KOMPAS, 29 Maret 2004
Pranala jaba [sunting]
- (id) Hasil pemilu dan sejarah
- (id) Partai Politik dan Persorangan Peserta Pemilu 1955 dari situs KPU
|
|||||||||||