Pamilihan Umum

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Pamilihan Umum (Pemilu) iku prosès pamilihan kanggo ngisi jabatan-jabatan pulitik tinamtu. Jabatan-jabatan kasebut maanéka-warna, wiwit saka presiden, wakil rakyat ing tataran pamaréntahan, nganti kepala desa.

Jroning Pemilu, para pamilih uga disebut konstituen, lan maang para konstituen iki mau para peserta Pemilu nawakaké janji-janji lan program-program jroning mangsa kampanye. Kampanye dilakoni jroning wektu sing wis ditemtokaké, sadurungé wektu pamungutan swara.

Sawisé pamungutan swara diayahi, prosès pangitungan diwiwiti. Pamenang Pemilu ditemtokaké déning aturan main utawa sistem panentuan pemenang sing wis ditetepaké sadurungé lan disetujoni déning para peserta, lan disosialisasèkaké marang para pamilih.

[sunting] Pemilu ing Indonesia

Artikel utama: Pemilu ing Indonesia

[sunting] Pranala jaba


Society.png
Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Pamilihan_Umum"