Pala
| Pala | |
|---|---|
| Pala | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Magnoliopsida |
| ordo: | Magnoliales |
| kulawarga: | Myristicaceae |
| Genus: | Myristica |
| Species: | M. fragrans |
| Jeneng binomial | |
| Myristica fragrans |
|
Pala salah siji rempah kang asli Indonesia.[1] Asale saka pulau Banda lan Maluku.[1] Tanduran pala banjur nyebar tekan pulau Jawa. Nalika Marcopolo nglakoni laku menyang Tiongkok, dheweke mampir ing tanah Jawa wiwit tahun 1271 nganti 1295.[1] Wiwit iku tanduran pala nyebar nganti Sumatra.[1] Indonesia dadi negara kang ngasilake pala akehe 74 % saka kebutuhan pala sadonya.[2] Nalika jaman penjajahan Belanda, tanduran pala disebar ing pelosok dhaerah ing Indonesia.[2] Mula pala nduweni jeneng kang beda-beda ing saben dhaerah, kayata: falo (Nias), palo (Minangkabau), pahalo (Lampung), pala (Sunda), paala bibinek (Madura), kalapelane (Seram), parang (Minahasa), lan gosoka (Halmahera, Tidore, lan Ternate).[2]
Klasifikasi [sunting]
Klasifikasi Pala:[3]
- Kingdom: Plantae
- Subkingdom: Tracheobionta
- Super Divisi: Spermatophyta
- Divisi: Magnoliophyta
- Kelas: Magnoliopsida
- Sub Kelas: Magnoliidae
- Ordo: Magnoliales
- Famili: Myristicaceae
- Genus: Myristica
- Spesies: Myristica fragrans Houtt
Mupangate Pala [sunting]
Pala nduweni akeh mupangat kanggo kesehatan. Ing dosis cendhak, pala isa digunakake kanggo obat weteng kembung, ngundhakake nepsu mangan, obat diare, muntah, lan kanggo obat weteng mules.[3]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c d (id)Pala Rempah Serba Bisa(diakses tanggal 6 Maret 2011)
- ^ a b c (id)Manfaat Lebih dari Pala(diakses tanggal 6 Maret 2011)
- ^ a b (id)Plantamor Pala (diakses tanggal 6 Maret 2011)
|
||||||||