Pakuburan al-Baqi
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Jannatul-Baqī‘ (Basa Arab: جنة البقيع) yaiku sawijining kuburan kang dumunung ing Madinah, Arab Saudi, sebrangé Masjid Nabawi yaiku papan panggonané Nabi Muhammad nalika dikubur. Ing kuburan iki akèh kulawarga sarta sahabat Nabi Muhammad kang dikuburaké.
Jannatul-Baqī‘ ateges Taman Surga, uga dikenal kanthi jeneng Baqī` Al Garqad. Baqī` tegesé kanca lan Al Garqad yaiku wit jinis Lycium shawii (Basa Arab:Alaosaj) spesies saka Boxthorn.