Pakiwan
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Tipikal kamar mandi di Amerika Serikat
Pakiwan utawa padusan (Basa Indonésia: Kamar mandi) iku sawijining ruwangan kanggo adus lan reresik awak. Kadhangkala pakiwan uga dipasangi wastafel (piranti ngumbah tangan) lan uga kakus.
Jinis-jinis pakiwan [sunting]
Umumé pakiwan bisa dibédakaké dadi rong jinis, yaiku "teles" lan "garing".
Pakiwan teles biasané duwé wadhah utawa bak banyu. Saka bak iki wong sing adus bisa nyidhuk banyu nganggo beruk banjur disiramaké menyang awaké. Pakiwan jinis iki sing umum dipigunakaké ing Indonésia. Bab iki utamané amarga ilèné banyu ora ajeg saéngga perlu wadhah kanggo nampung banyu.
Pakiwan garing biasané nyadiakaké papan mligi kanggo adus. Cara adusé uga béda, yaiku nganggo pancuran (basa Inggris: "shower") utawa nganggo rendheman ing bak adus.
Pirsani galeri bab Pakiwan ing Wikimedia Commons.