Padi (Grup Musik)

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
PADI
Padi grup musik indonesia.jpg
Logo Padi di album Tak Hanya Diam
Latar mburi
Lair Flag of Indonésia Surabaya, Indonesia
Jinis Musik Pop, Rock
Taun aktif 1997 - saiki
Situs resmi http://www.sobatpadi.net
Anggota
Satriyo Yudi Wahono
Ari Tri Sosianto
Rindra Risyanto Noor
Andi Fadly Arifuddin
Surendro Prasetyo

Padi yakuwi kelompok band kang diadegakaké ning kutha Surabaya ning tanggal 08 April ning taun 1997, personilé saka Fadly (Andi Fadly Arifuddin kang nyekel bageyan vokal), Ari (Ari Sosianto kang nyekel gitar), Yoyo (Surendro Prasetyo kang nyekel drum), Rindra (Rindra Risyanto Noor nyekel bas) lan Piyu ( Satriyo Yudi Wahono kang nyekel gitar).[1]

Grup musik iki dibentuk ning Surabaya, tanggal 8 April taun 1997 lan mulai dikenal masarakat ning akir taun 1990-an.[1] Warna musiké dianggep anyar ning dunya musik pop rock Indonésia.[1]

Padi kuwi grup kreativitas seni mahasiswa Universitas Airlangga Surabaya, kang awalé nganggo jeneng 'Soda', ananging saiki diganti dadi Padi.[1]

Debut albumé Padi kuwi themané Lain Dunia ning taun 1999 kang akiré kaadol nganti 800 ribu kopi.[1] Sawisé kuwi nyusul albumé kang judulé Sesuatu Yang Tertunda ning taun 2001 kang uga sukses kaadol nganti 1,6 yuta kopi.[1] Albumé salanjuté Save My Soul ning taun 2003, lan kang paling akiré yaiku albumé kang judulé Padi (ning taun 2005).[1]

Ora namung kuwi, Padi uga tau ngrilis album kompilasi kayata Official Songs World Cup (lagu Work of Heaven, ning taun 2002), Album rohani Family Songs Hadad Alwi (Doaku, 2003), Tribute to Ian Antono (Saksi Gitar Tua, 2004), lan album sosial kanggo korban Tsunami ning Aceh iki judulé Kita Untuk Mereka (lagu 26 Desember, 2005).[1]

Luwih saka 2 taun Padi ora ngrilis album.[1] Ning tanggal [[[16 November]] taun 2007, Padi ngrilis maneh album anyaré kang judulé TAK HANYA DIAM.[1] Esih ning label Sony BMG Indonésia Padi ngrilis album kaping limané kang isiné 10 tetembangan iki.[1] Ning album iki njagokaké tetembangan kang judulé Tak Hanya Diam, Sang penghibur lan Harmony.[1]

Amarga ora ana kabaré nganti rong taunnan, grup musik iki dikabaraké bakal bubar.[2] Band kang dimotori dening Piyu lan kanca-kancané iki, akiré mbantah ning acara DAHSYAT 2.[2] Grup iki bakal tampil kanthi cara langsung kanggo mbuktikaké menawa grup iki bakal tetep eksis.[2]

Taun 2010, sawisé vakum sasuwené rong taun Padi mulai ngrilis album anyar kang konsepé anyar.[1] Ning konsep album iki para personelé niaté bakal nuangaké kreativitas kang asilé beda karo albumé kang uwis-uwis.[1]


Cathetan Suku [sunting]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n (id)padi grup musik dipununduh tanggal 14 Juli 2011
  2. ^ a b c (id)berita padi grup musik dipununduh tanggal 14 Juli 2011
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Padi_(Grup_Musik)&oldid=831062"