PSSI
Persatuan Sepak Bola Seluruh Indonesia, kang disingkat PSSI, yaiku punjere organisasi kang ngurusi babagan olahraga bal-balan ing Indonesia.[1] PSSI diresmikake nalika tanggal 19 April 1930 kangthi jeneng Persatuan Sepak Raga Seluruh Indonesia. Ketuwa umum kang pisannan yaiku Ir. Soeratin Sosrosoegondo.[1] PSSI dadi siji karo FIFA nalika taun 1952, banjur mlebu ing AFC nalika taun 1954.[1] PSSI miwiti kompetisi Liga Indonesia wiwit taun 2005, PSSI uga nganakake Piala Indonesia. Ketuwa Umum PSSI wiwit tanggal 9 Juli 2011 yaiku Djohar Arifin Husin.[1]
[sunting] Sejarah
Ana ing pungkasan taun 1920, pertandingan voetbal utawa bal-balan sering kali dianakake kanggo ngramekake pasar malem.[2] Pertandingan dilakokake nalika dina wis mlebu wayah sore.[2] Sebenare sakliyane bal-balan , bangsa eropah uga kalebu bangsa walanda uga ngenalake olahraga liya kaya kasti, bal tangan, renang, tenis, lan hoki.[2] Nanging, kabeh jenis olahraga mau dibatesi kanggo kalangan Eropah, Walanda, lan Indo.[2] Alhasil bal-balan kang paling disenengi merga ora mbutuhake panggon kang khusus lan wong-wong pribumi uga oleh main bal-balan.[2] Lapangan Singa (Lapangan Banteng) dadi seksi nalika wong walanda nganakake pertandingan panca lomba (vijfkam) lan tienkam (dasa lomba).[2] Khusus kanggo bal-balan, serdadu ana ing tangsi-tangsi militer kang paling sering tanding.[2]
